Maqam Sebelas Makam sawelas lan kawikanana den ira, satuhune 11 ing dalem anak

57 Yusuf kang putra sayid Abdur Rahim kang bangsa Husaini Ar-Rifai lan liyane iku , wus ana Allah sartane satuhune iya sayognane ingkang lumaku arep aningal lan arep apikir ing ikilah tajalli 10 lan sun arani iku anggon syuhude kang ahli ibadah ing dalem anggone wong kang pada lumaku, lan angeruntut isun ing iya ing dalem sawiji mukadimah lan tetelu lawange, lan pasal sawiji, lan khotimah sawiji. Utawi mukaddimah kang awal iku ing dalem anyataken

Bab 1 : Maqam Sebelas Makam sawelas lan kawikanana den ira, satuhune 11 ing dalem anak

adam iku sawelas maqam, salah sawiji iku maqam ati, lan kapindone iku maqam ruh, lank aping telune maqam sirr, lan kaping pate iku maqam khofi, lank aping limane iku maqam nafsu , lank aping neme maqam akal 12, lan kaping pitune maqam jabarut, lan kaping wolune iku maqam malakut, lan kaping sangane maqam al-lâhût, lan kaping sapuluhe maqam nâsût, lank aping sawelase iku maqam mahmud, lan iya iku maqam muraqobah 13, lan maqam muayahadah, maka kari-kari ing wiwitaning kang lumaku iku sayognane fanane iya ing dalem Syeikh, maka kari-kari ana iya fanane ing dalem Rasul, maka kari-kari fanane iya ing Allah maka kari-kari Baqa kalawan Allah, maka tatkala hasil ing wong iu maqam Baqa. Kalawan Allah, maka hasil kang den aprih kang den ibarataken 14 kalawan iya ghaust, lan iya ikku luwih luhur sekehing martabat para wali. Anapun enggone ati iku ing sore susune kang tengen, cahyane iku upamane banyu kang bening. Anapun enggone maqam ruh iku ing sore susune kang kiwa, cahyane iku putih 15 upamane wulan, anapun enggoning maqam sirr iku ing susune tengen, cahyane iku abang upamane geni. Anapun enggone maqam khofiy iku ing sor- sore wudele, cahyane iku kuning upamane dammar. Lan anapun enggone maqam nafsi iku 16 ing luhure sirahekang tengen, cahyane iku ijo. Anapun enggone maqam akal iku ing luhure sirahe kang kiwa, cahyane iku ireng. Anapun enggone maqam jabarut iku ing dalem kukuncunge. Cahyane ing embunane, 58 Cahyane iku wungu. Anapun enggone maqam 17 malakut iku ing arah batuke, cahyane iku bawuk. Anapun enggone maqam lahut iku ing pucuking mata kang tengen, cahyane iku upamane lintang. Lan anapun enggoning maqam mahmud iku ing dalem pucuking cungur, cahyane iku abang awor serta 18 putih, lan ing jerone iku den rupakaken rupane sekehe syeikh atawa arane syeikh. Nutawi bab kang awal ing dalem anyataken sekehe alam kang bangsa pangeran.

Bab 2 : Alam-Alam Ilahi