Peserta didik mengidentifikasi alur cerita Peserta didik menyebutkan setting cerita
Peserta didik mengungkapkan amanat cerita Peserta didik menyusun sinopsis cerita dengan bahasa Jawa
ragam krama Peserta didik menyampaikan sinopsis cerita secara lisan
dengan menggunakan bahasa ragam krama Peserta didik menanggapi secara lisan dengan menggunakan
bahasa ragam krama isi cerita wayang yang didengarkan
A. Tujuan Pembelajaran
Peserta didik dapat menemukan tema atau lakon cerita Peserta didik dapat menyebutkan tokoh dan perwatakannya
Peserta didik dapat mengidentifikasi ragam bahasa yang digunakan tokoh cerita Peserta didik dapat mengidentifikasi alur cerita
Peserta didik dapat menyebutkan setting cerita Peserta didik dapat mengungkapkan amanat cerita
Peserta didik dapat menyusun sinopsis cerita dengan bahasa Jawa ragam krama Peserta didik dapat menyampaikan sinopsis cerita secara lisan dengan menggunakan
bahasa ragam krama Peserta didik dapat menanggapi secara lisan dengan menggunakan bahasa ragam krama isi
cerita wayang yang didengarkan
B. Materi Ajar Naskah cerita Wayang
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana
Ana ing crita-crita pedhalangan?kejaba ing lakon Babad Wanamarta?jenenge paraga wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa lan
Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa Mertani alias Alas
Wanamarta.
Lakon kasebut, sing kalebu lakon carangan, versine sajake ora mung trima siji loro. Minangka conto, pambabade alas sing sateruse dadi negara Amarta utawa Batanakawarsa utawa
Indraprastha kuwi ana sing nyritakake yen sing mrentahake iku Prabu Duryudana, ratu Astina. Pamrihe ora kok dimen Pandhawa bisa duwe nagara, nanging supaya Pandhawa sirna dimangsa
sato wana galak utawa jim setan peri prayangan. Jalaran Alas Mrentani ngono kondhang gawat keliwat-liwat, wingit kepati-pati.
Crita liya, sing ndhawuhake mbabad alas wingit kuwi Sri Bagendha Maoswapati, raja Wiratha minangka tandha panarima marang lelabuhane Pandhawa mbengkas reruweting praja.
Nalika mbabad alas kuwi, Pandhawa uga dibantu dening wadyabala Wiratha.
Intine lakon Babad Wanamarta iku salah sijine ngene: alas werit sing nedya kababad mau, kraton kajiman kebak brekasakan. Tetunggule jim cacah lima, sing jeneng-jenenge biasane
dicritake kadidene: sing pembayun jim Prabu Yudhisthira, panenggake jim Arya Dhandhun Wacana, panengah jim Raden Dananjaya, uga sok ana sing nyebutakake jim Kumbang ali-ali.
Warujune jim Nangkula-Sadewa.
RPP Bahasa Jawa Kelas XII Semester 1 18
Tahun Pelajaran 2015-2016
Nalika Alas Mrentani wiwit dibabad Bratasena, jim Dandhun Wacana duka yayah sinipi, prentah marang kabeh andhahane supaya ngrangket Bratasena. Bratasena banjur dijalasutra
nganti ora bisa ngglawat. Isane mung kari sambat-sambat ngundang Permadi.
Nalika iku Permadi kang diutus ngupadi Sena, sawise sowan Begawan Abiyasa, winisik murih marang pratapan Pringcendhani, ketemu pendhita ula gedhe Begawan Wilwuk. Ana kono
pinundhut mantu kadhaupake karo putrine sing sesilih Endang Jimabang, lan pinaringan pusaka lenga jayengkaton, sing kasiate bisa kanggo meruhi kabeh alaming jim setan peri prayangan.
Saka Pringcendhani, Premadi nerusake laku. Tekan Alas Mrentani krungu sesambate ingkang raka. Merga wis nggadhuh Jayengkaton, Permadi uninga yen Sena lagi kerangket ing jalasutra,
banjur diuwalake saka bebandan, lan dicaosi lenga jayengkaton.
Sawise bisa weruh alaming lelembut, Bratasena genti nglabrag setan brekasakan sing ngreridhu anggone babad alas. Kabeh jim setan kaprawasa, padha lumayu marang ratu-gustine.
Sabanjure jim Prabu Yudhisthira sasedulur masrahake kratone marang Pandhawa sakadang. Jim Prabu Yudhisthira manunggal sajiwa marang pambareping Pandhawa. Jim Dhandhun Wacana
nunggal sajiwa karo Bratasena sing wiwit kuwi asmane uga banjur nunggak semi karo jenenge manggalaning jim Alas Wanamarta iku. Jim Kumbang Ali-ali manunggal karo Permadi, lan jim
Nangkula-Sadewa manunggal karo si kembar warujuning Pandhawa.
Wayang Arya Dhandhun Wacana iku, sing gagrag Jogja apadene Solo, wujude pancen memper karo Werkudara. Bedane, ing gelunge Dhandhun ngagem pasren garudha mungkur.
Kampuhe biasane parang rusak, dudu poleng bang-bintulu, lan ora duwe kuku Pancanaka.
Amien Nugroho, Jaya Baya 48LX, 30 Juli – 5 Agustus 2006
C. Metode Pembelajaran