Caranipun Ngempalaken Data CARA PANALITEN

52 Data ingkang dipunkempalaken wonten panaliten menika awujud data seratan. Pramila lelampahan panaliti kangge nganalisis data dipunandharaken kanthi runtut kados ing ngandhap menika. 1. Data ingkang sampun dipunserat wonten ing kertu data salajengipun dipunserat wonten ing tabel analisis data, ananging wonten babagan analisis pandhapuking tembungipun ngangge bagan saking Ramlan 1997. 2. Data ingkang sampun dipunserat wonten ing tabel analisis data, salajengipun dipunidentifikasi miturut teori ingkang dipunginakaken. 3. Sasampunipun dipunidentifikasi data dipunpantha-pantha miturut kategori ingkang sampun katemtokaken. 4. Data dipunserat ing tabel asiling panaliten. 5. Ngrembag data kanthi cara deskriptif miturut kategorinipun.

F. Validitas saha Reliabilitas

Data wonten ing panaliten menika kedah leres saha valid. Kangge ngecek kaleresan data, panaliti ngginakaken validitas kalihan reliabilitas. Validitas data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantik, saha ngginakaken reliabilitas stabilitas. Validitas wonten ing panaliten menika validitas semantik ingkang dipun- lampahi wonten panaliten menika kanthi ngamati data ingkang awujud ukara, tembung, wacana, pacelathon, monolog, interaksi antawisipun paraga, saha alur cariyos saking data pundi kemawon ingkang dipun-temukaken kangge ngamati ngantos pundi data menika saged dipuntegesi jumbuh kalihan konteks-ipun. 53 Pustaka sanesipun saha panaliten ugi dipunrujuk kangge keabsahan panaliten menika. Uji reliabilitas minangka kangge ngukur kapitadosan kanthi data panaliten ingkang dipunpanggihi. Wonten ing panaliten menika, Panaliti ngginakaken reliabilitas stabilitas. Tegesipun stabilitas inggih menika Panaliti ningali lan nganalisis data kanthi teliti lan dipunambali wonten kalodhangan sanes saengga dipunpanggihi data ingkang konsisten supados saged valid. Dados, Panaliti ngambali malih maos data ingkang sampun dipunpanggihaken inggih menika tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks, Lan nliti bilih data ingkang dipunpanggih lan dipunserat sami kaliyan data ingkang dipunpanggihi wonten kalodhangan sanes.