Citra saha Paraga Utama

45 ngetingalaken gambaran watak kaliyan sipatipun saben paraga. Sami kaliyan wonten ing KBBI, Forster 1971: 34 ugi ngandharaken bilih novel saged dipunpirsani cariyos prosa ingkang dawa. Cacahipun tembung wonten novel menika limrahipun dumadi saking antawisipun 50.000 tembung, saengga novel langkung dawa tinimbang cerkak. Pramila wonten novel menika saged ngandharaken sipat lan prastawa sosial kanthi langkung jangkep. Kangge mratelakaken satunggal perkawis kanthi boten langsung menika pramila novel mbetahaken basa-basa sinerat kangge mratelakaken saben-saben perkawisipun. Saengga saged kababar Anggenipun nyuguhaken cariyos kasebat dipunandharaken mawi wujud tembung-tembung ingkang dipunronce dados ukara-ukara. Ukara-ukara kala wau salajengipun dipundhapuk dados paragraf- paragraf ingkang gayut satunggal lan sanesipun pramila mujudaken alur cariyos lan ndadosaken wacana novel. Ukara-ukara ingkang gegayutanipun satunggal lan sanesipun dados wacana novel menika minangka satunggaling wacana ingkang gembleng. Maos novel minangka wacana ingkang gembleng saha weruh menika mbethaken wekdal ingkang langkung kathah tinimbang cariyos cekak supados paham aluripun ingkang kasusun rinci. Kangge maos wacana novel menika kedah ngeling-eling saben aluripun pramila pamaos saged paham lampahipun cariyos. Cariyos ingkang dawa menika kedah kajurung saking pamanggihipun para ahli. Saged dipunandharaken bilih novel inggih menika asiling karya sastra ingkang awujud seratan wacana fiksi, ingkang kalebet naritif lan gembleng. Novel minangka wacana ingkang wetah ngelmu wujudipun tembung andhahan 46 mliginipun panganggening wuwuhan ingkang variatif sanget, pramila gadhah fungsi kebahasaan ingkang cetha lan endah. Adhedhasar pamanggih-pamanggih ing nginggil pramila saged dipunpendhet dudutan ngengingi novel. Novel inggih menika karangan prosa ingkang panjang, ingkang ngginakaken basa minangka sarananipun. Basa-basa ingkang dipunginakaken minangka basa ingkang saged nedahahaken totalitas satunggaling novel. Totalitas menika karengkuh awit panganggenipun tembung ing basa salebeting novel, salah satunggalipun inggih menika kangge nggambaraken perwujudanipun saking paraga-paraga wonten novel menika.

F. Panaliten Ingkang Jumbuh

Panaliten ingkang jumbuh inggih menika panaliten ingkang dipunlampahi dening Afiya Ulfah 08205241044 mahasiswa pendidikan Bahasa Daerah tahun 2012 kanthi irah-irahan „Afiks Gabung Dalam Novel Grombolan Gagak Mataram Karya Any Asmara ‟. Panaliten menika sami-sami ngrembag babagan morfologi mliginipun babagan wuwuhan. Cara analisis data ingkang dipunginakaken ugi sami-sami ngginakaken cara analisis data arupi cara deskriptif. Point ingkang bedakaken panaliten ingkang dipuntindakaken dening Afiyah Ulfah kaliyan panaliten sakmenika inggih menika asal sumber data-nipun, saha subyek panalitenipun. Wonten panaliten menika sumber data-nipun saking novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Soeparto Brata, lajeng wonten panaliten ingkang dipuntindakaken dening Afiyah Ulfah menika ngginakaken novel Grombolan Gagak Mataram anggitanipun Any Asmara minangka sumber data- nipun. Saksanesipun sumber datanipun, point ingkang mbedakaken malih kaliyan 47 panalitenipun Afiyah Ulfah inggih menika wonten panalitenipun ugi nerangaken kadospundi pencitraan tokoh utama wonten novel Cintrong Paju-Pat karyanipun Suparto Brata.

G. Nalaring Pikir

Panaliten kanthi irah- irahan “Fungsi Simulfiks kangge Nggambaraken Citra Paraga Utama wonten ing Novel Cintrong Paju-Pat Anggitanipun Suparto Brata