9
G. Pangretosan
Pangertosan dipunginakaken kangge njumbuhaken pamahaman babagan variable panaliten menika.
1. Morfologi
Morfologi utawa Tata tembung inggih menika cabang ngelmu basa ingkang nyinau bab tembung kalebet cara dumadosipun saha ewahipun tembung
ingkang saged njalari ewahipun teges saha jinising tembung. 2.
Simulfiks Simulfiks menika proses kalih morfem wuwuhan utawi langkung ingkang
cara ngraketipun selang-seling utawa bergantian Endang Nurhayati, 2001:11. 3.
Citra Citra inggih menika image utawa gambaran tokoh wonten fiksi ingkang
nggadhahi wujud fisik saha non fisik ingkang saged maringi pratandha khas dhateng pamaosipun.
4. Paraga Utama
Paraga Utama inggih menika paraga ingkang dipuntengenaken wonten ing cariyos karya sastra.
5. Novel Cintrong Paju-Pat
Novel Cintrong Paju-pat anggitanipun Suparto Brata minangka dumadi saking 74 sub judul. Novel menika kaping pisan dipuncithak taun 2010. Basa
ingkang dipungginakaken wonten novel menika kathahipun ngginakaken basa Jawa Surabaya. Wosipun novel Cintrong Paju-Pat nggambaraken cariyos kisah
cinta segi empat saking latar belakang tokoh ingkang beda-beda. Sekawan paraga
10
menika antawisipun Luhur Dirgantara, Trengginas, Lirih Nagari, saha Abrit Mayamaya. Ananging ingkang dados paraga utama inggih menika Lirih Nagari.
11
BAB II GEGARAN TEORI
A. Morfologi
Ngelmu ingkang ngrembag babagan tembung wonten basa Jawi dipunsebut tata tembung. Tata tembung inggih menika ngelmu ingkang ngrembag
wujud-wujuding tembung, antawisipun tembung lingga saha tembung kang wis owah saka linggane Antunsuhono, 1960: 13. Sedaya perkawis babagan tata
tembung menika dipunrembag ing salebeting kajian morfologi, mliginipun ngandharaken kadospundi tembung-tembung menika kadhapuk, ewah-ewahipun
tembung, sarta dampak saking ewah-ewahanipun. Pangertosan tata tembung utawa morfologi menawi dipunpirsani saking
segi istilah. Morfologi asalipun saking basa inggris inggih menika „morphology‟,
tegesipun cabang ngelmu linguistik ingkang nyinaoni babagan susunan utawi perangan-perangan tembung kanthi cara gramatikal. Menawi dipunpirsani saking
cara etimologis Ralibi Mulyana, 2007: 5 ngandharaken bilih, morfologi asalipun saking basa Yunani, inggih menika
„morphe‟ ingkang tegesipun „wujudbentuk‟ sarta
„logos‟ tegesipun „ngelmu‟. Pamanggih menika laras kaliyan andharanipun Ramlan 1987: 15 ingkang
ngandharaken morfologi menika perangan saking ngelmu basa ingkang nyinau seluk beluk tembung sarta ewahipun wujud tembung. Andharan menika
dipunsengkuyung dening Nurhayati 2001: 2 ingkang ngandharaken bilih morfologi inggih menika cabang linguistik ingkang ngrembag utawi
mengidentifikasi seluk-beluk pandhapuking tembung. Saking andharan menika