50
makaping-kaping supados kepanggih data-data ingkang badhe dipunpendhet inggih menika tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks; 2 nyukani tandha
tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks wonten ing ukara kasebat; 3 nyatet tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks
kalawau wonten ing kartu data kanthi jangkep trep kaliyan data ingkang dipunbetahaken.
D. Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten inggih menika minangka sarana ingkang dipunginakaken panaliti kangge ngempalaken saha nganalisis data. Wujudipun
piranti ing panaliten inggih menika panaliti piyambak. Panaliti ingkang manggihaken, ngempalaken saha nganalisis data. Pramila, panaliti kedah
nguwaosi saha ngecakaken teori-teori ingkang jumbuh kaliyan datanipun. Ingkang kaping pisan panaliti migunakaken kertu data minangka piranti pambiyantu
kangge ngempalaken data. Wujudipun kertu data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika ing ngandhap.
Tabel 1. Kertu Data
No. 1 Sumber Data : CP93P3K2
Data Ambane mung samono we, aku bisa nglumpati
Alas neng caruban ya akeh kali kaya ngono aku bisa kok mlumpat.
Wujud {N--i}
Makna Nindakaken pakaryan kados tembung lingga
dhateng objekipun Fungsi
Ndhapuk tembung kriya aktif transitif Citra
Citra psiko: percaya diri
51
Katrangan: CP
: Nuduhake novel Cintrong Paju-Pat 51
: Nuduhake kaca 93 P2
: Nuduhake Paragraf kaping 3 K5
: Nuduhake ukara kaping 2 Menawi data sampun dipunlebetaken ing kertu data, panaliti mantha-
mantha miturut wujud simulfiks, makna simulfiks, fungsi simulfiks, kalihan Citranipun. Salajengipun panaliti ugi migunakaken tabel analisis data. Ginanipun
tabel analisis inggih menika kangge nganalisis data ingkang sampun dipunkempalaken ing kertu data. Wujudipun tabel analisis menika kados wonten
ing ngandhap.
Tabel 2. Analisis Data No.
Data Wujud
Simulfiks Makna
Simulfiks Fungsi
Simulfiks Citra
Katrangan
E. Caranipun Nganalisis Data
Wonten ing panaliten cara nganalisis datanipun inggih menika ngginakaken teknik deskriptif. Data ingkang dipunkempalaken menika sanes
angka-angka, ananging wujudipun tembung utawa gambaran sesuatu Djajasudarma, 1993: 15. Analisis deskriptif dipuntindakaken kangge
nggambaraken data kaliyan kawontenan. Analisis data ing panaliten menika sampun kawiwiti nalika manggihaken wujud, makna, lan fungsi wuwuhan
simulfiksipun.
52
Data ingkang dipunkempalaken wonten panaliten menika awujud data seratan. Pramila lelampahan panaliti kangge nganalisis data dipunandharaken
kanthi runtut kados ing ngandhap menika. 1.
Data ingkang sampun dipunserat wonten ing kertu data salajengipun dipunserat wonten ing tabel analisis data, ananging wonten babagan analisis
pandhapuking tembungipun ngangge bagan saking Ramlan 1997. 2.
Data ingkang sampun dipunserat wonten ing tabel analisis data, salajengipun dipunidentifikasi miturut teori ingkang dipunginakaken.
3. Sasampunipun dipunidentifikasi data dipunpantha-pantha miturut kategori
ingkang sampun katemtokaken. 4.
Data dipunserat ing tabel asiling panaliten. 5.
Ngrembag data kanthi cara deskriptif miturut kategorinipun.
F. Validitas saha Reliabilitas
Data wonten ing panaliten menika kedah leres saha valid. Kangge ngecek kaleresan data, panaliti ngginakaken validitas kalihan reliabilitas. Validitas data
wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantik, saha ngginakaken reliabilitas stabilitas.
Validitas wonten ing panaliten menika validitas semantik ingkang dipun- lampahi wonten panaliten menika kanthi ngamati data ingkang awujud ukara,
tembung, wacana, pacelathon, monolog, interaksi antawisipun paraga, saha alur cariyos saking data pundi kemawon ingkang dipun-temukaken kangge ngamati
ngantos pundi data menika saged dipuntegesi jumbuh kalihan konteks-ipun.