Panaliten Ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

49

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Jinising panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriptif. Panaliten deskriptif ingkang dipuntindakaken inggih menika adhedhasar kasunyatan wonten ing subyek panaliten saengga data ingkang dipunasilaken minangka data menapa wontenipun Sudaryanto, 1986: 62. Panaliten menika ngasilaken data ingkang sipatipun deskriptif, ingkang gayut kaliyan ancasing panaliten inggih menika ngandharaken babagan wujud, makna, saha fungsi wuwuhan simulfiks kangge nggambaraken citra paraga utama wonten novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata.

B. Data saha Sumbering Data

Data panaliten inggih menika tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks. Sumber data panaliten inggih menika novel Cintrong Paju- Pat anggitanipun Suparto Brata. Novel Cintrong Paju-Pat menika dipunterbitaken dening penerbit Narasi taun 2010. Novel Cintrong Paju-Pat menika kalebet Romanè ingkang ngginakaken basa Jawi.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik maos saha teknik nyathet. Miturut Sudaryanto 1993: 133-136, teknik dhasar saking teknik simak inggih menika teknik sadap saha ngginakaken teknik lanjutan ingkang awujud teknik catat. Teknik maos saha teknik nyathet dipuntindakaken kanthi cara: 1 panaliti maos sumber data novel kanthi cara 50 makaping-kaping supados kepanggih data-data ingkang badhe dipunpendhet inggih menika tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks; 2 nyukani tandha tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks wonten ing ukara kasebat; 3 nyatet tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks kalawau wonten ing kartu data kanthi jangkep trep kaliyan data ingkang dipunbetahaken.

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten inggih menika minangka sarana ingkang dipunginakaken panaliti kangge ngempalaken saha nganalisis data. Wujudipun piranti ing panaliten inggih menika panaliti piyambak. Panaliti ingkang manggihaken, ngempalaken saha nganalisis data. Pramila, panaliti kedah nguwaosi saha ngecakaken teori-teori ingkang jumbuh kaliyan datanipun. Ingkang kaping pisan panaliti migunakaken kertu data minangka piranti pambiyantu kangge ngempalaken data. Wujudipun kertu data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika ing ngandhap. Tabel 1. Kertu Data No. 1 Sumber Data : CP93P3K2 Data Ambane mung samono we, aku bisa nglumpati Alas neng caruban ya akeh kali kaya ngono aku bisa kok mlumpat. Wujud {N--i} Makna Nindakaken pakaryan kados tembung lingga dhateng objekipun Fungsi Ndhapuk tembung kriya aktif transitif Citra Citra psiko: percaya diri