Simulfiks pa Wujud, Makna, saha Fungsi Simulfiks pa
126
dipunraketaken kanthi cara gentosan selang-seling. Dados menawi salah satunggaling wuwuhan mboten dipunraketaken, tembung menika tasih nggadhahi
makna. Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap.
panggawean panggawean
paN ‒ an + gawe
Tembung „panggawean‟ menika saking tembung lingga „gawe‟ pikantuk
wuwuhan ater-ater {paN-} saha panambang {-an}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika pa
‒ an. Caranipun ngrimbag tembung andhahan „panggawean‟ inggih menika kados bagan wonten nginggil panambang {-an}
dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „gawe‟, dados mujudaken
tembung andhahan „gawean‟ kanthi makna nedahaken wujud utawa jinis ingkang
dipunsebat tembung lingganipun „gawean‟. Lajeng tembung „gawean‟ dipunraketi
ater-ater {-paN} saengga mujudaken tembung andhahan „panggawean‟.
Wuwuhan simulfiks paN ‒ an ingkang ngraket wonten tembung andhahan
„panggawean‟ nggadhahi makna „nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingga
nipun‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan
konteks data „Kowe wis ngreti kelantipanku. Yen ana panggawean kantor kaya
mengkono aku ajokna, ya. Aku iki saprene rak pengangguran ‟ maknanipun
nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingga nipun „gawean‟
babagan kantor. Wondene ngengingi citra Lirih Nagari ingkang saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun, inggih menika saking
aspek sosiologis bilih Lirih Nagari dereng nggadhahi pakaryan pengangguran.
127
Data menika nedahaken bilih Lirih Nagari wonten ngakeni piyambakipun dereng nggadhahi pakaryan, saengga Lirih ngendika dhateng rencangipun supados
menawi wonten penggawean kados mekaten Lirih dipunajokaken. Wuwuhan simulfiks paN
‒ an ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung nomina aran. Pratanda nomina inggih menika tembung ingkang ngewrat makna
kebendaan asipat konkrit saha abstrak , kados wonten data menika „Yen ana
panggawean
kantor kaya mengkono aku ajokna, ya ‟. Tembung „panggawean‟
wonten ukara menika nggadhahi makna jinis benda konkrit saha abstrak ingkang dipunsebat wonten tembung lingganipun inggih menika „gawean kantor‟. Lajeng
menawi tembung nomina ugi saged dipungathukaken kaliyan tembung ingkar „dudu‟. Wonten datanipun bilih tembung „panggawean‟ dipungathukaken kaliyan
tembung „dudu‟ andhapuk tembung andhahan „dudu panggawean‟. Tembung menika wonten basa Jawa tasih nggadhahi makna. Adhedhasar saking pratandha-
pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan paN ‒ an wonten
tembung andhahan „panggawean‟ panci leres nedahaken fungsi simulfiks paN‒ an menawi ngraket wonten tembung lingga andhapuk tembung nomina.