20
namung gabungan antawisipun ater-ater saha panambang ananging ugi wonten gabungan antawisipun infiks saha panambang tuladhanipun -in
‒ an ingkang ngraket kaliyan tembung gambar dados ginambar. Gayut kaliyan menika, wonten
panaliten menika proses ingkang badhe dipunkatindakaken inggih menika proses wuwuhan gabung simulfiks antawisipun ater-ater saha panambang wonten novel
Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata.
1. Wujud Simulfiks
Wuwuhan gabung wonten basa Jawa miturut Mulyana 2007: 41 saged dipunperang, wujud-wujudipun inggih menika kami
‒ en, di‒ i, di‒ ana, di‒ aké, saha {N-} anuswara nasal ingkang kasusun saking alomorf {m-}, {n-}, {ng-},
{ny-} ingkang dipungabung kaliyan panambang {-i}, {-a}, {-ana}, {-aké}, {-na} saha {-é}. Saksanesipun ugi wonten tak
‒ é, tak‒ né, tak‒ ké, tak‒ ané, tak‒ i, tak
‒ ana, tak‒ a, dak‒ né, dak‒ é, kok‒ i, kok‒ aké, kok‒ ana, di‒ a. Tuladha wuwuhan gabung simulfiks ingkang rumaket wonten tembung
andhahan inggih menika simulfiks m ‒ ana, ny‒ aké, n‒ i, ng‒ aké wonten
tembung mbalanga, nyilikake, nulisi, saha ngabangake. Tembung mbalanga menika kadapuk saking tembung lingga balang pikantuk wuwuhan m
‒ a, tembung nyilikake kadapuk saking tembung lingga cilik ingkang pikantuk wuwuhan
ny ‒ aké, tembung nulisi kadapuk saking tembung lingga tulis ingkang angsal
wuwuhan n ‒ i, saha tembung ngabangake kadapuk saking tembung lingga abang
kaliyan wuwuhan ng ‒ aké.
Pamanggih sanesipun ngengingi bab wuwuhan gabung simulfiks menika saking Sasangka 2001: 80-90, ingkang ngandharaken bilih wuwuhan gabung
21
simulfiks basa Jawa wujudipun wonten 12 jinis, Antawisipun N ‒ i, N‒ a, N‒ aké,
N ‒ ana, di‒ i, di‒ a, di‒ aké, di‒ ana, -in‒ i, -in‒ aké, -in‒ ana, saha sa‒ é.
Saksanesipun wuwuhan ingkang sampun dipunsebataken para ahli kalawau, wuwuhan gabung simulfiks ugi wonten ingkang wujudipun pa
‒ an saha pi‒ an. Umpaminipun
tembung lingga „gawe‟ saha „takon‟ dipunraketaken kaliyan wuwuhan pa
‒ an saha pi‒ an saengga andadosaken tembung andhahan „pagawean‟ saha „pitakonan‟.
Saklajengipun Proses pandhapuking tembung andhahan ingkang pikanthuk wuwuhan simulfiks badhe dipunandharaken mawi sarana bagan utawi diagram
supados gampil dipunmangertosi. Saengga wonten ing perangan asiling panaliten saha pirembagan panaliti ugi ngginakaken bagan menika kangge ngandharaken
wujud simulfiks ingkang nggambaraken citra paraga utama wonten novel Cintrong Paju-Pat. Bagan menika kapendhet saking Ramlan 1997: 141. Proses saha
tuladha saking wujud-wujudipun tembung andhahan ingkang pikanthuk wuwuhan simulfiks badhe wonten ngandhap:
njiwiti, Nn ‒ i
njiwiti
N ‒ i +
jiwit
Bagan II. Pandhapuking tembung „njiwiti‟ bagan kapendhet saking Ramlan, 1997
Wuwuhan wonten tembung andhah an „njiwiti‟ menika kalebet wuwuhan
gabung simulfiks, amargi katingal saking pangrimbagipun tembung menika simulfiks Nn
‒ i ing tembung „njiwiti‟ boten sesarengan anggenipun muwuhi ing tembung lingga
„jiwit‟, ananging saged dipunraketi ater-ater {n-} langkung rumiyin inggih menika {n- + jiwit}
„njiwit‟, utawi ugi saged dipunraketi