Wujud, Makna, saha Fungsi Simulfiks dak

118 simulfiks-ipun inggih menika dak ‒ aké. Caranipun ngrimbag tembung andhahan „dakupayaké‟ inggih menika kados diagram wonten nginggil ater-ater {dak-} dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „upaya‟, dados mujudaken tembung andhahan „dakupaya‟ saengga makna ingkang kadhapuk inggih menika nindakaken pakaryan kados tembung lingga „upaya‟. Lajeng tembung „dakupaya‟ dipunraketi panambang {-aké} saengga mujudaken tembung andhahan „dakupayaké‟. Saengga makna ingkang kadhapuk inggih menika nerangaken kula nindakaken pakaryan tembung lingganipun kangge tiyang sanes. Wuwuhan simulfiks dak ‒ aké ingkang ngraket wonten tembung andhahan „dakupayaké‟ nggadhahi makna „nerangaken kula nindakaken pakaryan tembung lingganipun kangge tiyang sanes ‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Yen ngono orderane dakupayaké bisa gul‟ maknanipun nerangaken kula „Lirih Nagari‟ nindakaken pakaryan tembung lingga nipun „upaya‟ kangge tiyang sanes. Wondene ngengingi citra paraga utama saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun inggih menika bilih Lirih Nagari wanodya ingkang gadhah etos kerja ageng, Kejawi mekaten Lirih Nagari ugi kersa mbiyantu rencang kerja supados orderanipun saged dipunsarujuki. Pramila citranipun paraga utama Lirih Nagari ingkang kagambar inggih menika saking aspek psikologis, bilih piyambakipun nggadhahi watak „pekerja keras‟. Wuwuhan simulfiks dak ‒ aké ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung kriya pasif. Pratanda verba-nipun ngewrat subjek ingkang dados sasaran, kados wonten data menika „Yen ngono orderane dakupayaké bisa gul‟. Awit saking 119 ukara menika katingal bilih „orderane‟ minangka subjek ingkang dados sasaran predikat verba pasif- ipun „dakupayaké‟. Adhedhasar saking pratandha-pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan dak ‒ aké wonten tembung andhahan „dakupayaké‟ panci leres nedahaken fungsi wuwuhan dak‒ aké menawi ngraket wonten tembung lingga andhapuk tembung kriya pasif. Data sanesipun ingkang ngewrat wujud, makna, saha fungsi wuwuhan simulfiks ingkang sami dhateng tembung andhahan ananging nggadhahi citra paraga utama novel Cintrong Paju-Pat ingkang beda saged dipunpirsani wonten ngandhap menika. “Keyakinanku bab urip kuwi ora perlu dakobrolaké marang kowe”.dt 10: CP52P1K8 Wuwuhan dak ‒ aké ingkang ngraket wonten tembung andhahan „dakobrolaké‟ kalebet simulfiks amargi wuwuhan ater-ater kalihan panambang dipunraketaken kanthi cara gentosan selang-seling. Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap. dakobrolaké dakobrolaké dak ‒ aké + obrol Tembung „dakobrolaké‟ menika saking tembung lingga „obrol‟ pikantuk wuwuhan ater-ater {dak-} saha panambang {-aké}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika dak ‒ aké. Caranipun ngrimbag tembung andhahan „dakobrolaké‟ inggih menika kados diagram wonten nginggil panambang {-aké} saged dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „obrol‟ menawi makna 120 ingkang badhe dipundhapuk ndhawuhi tiyang sanes supados nindakaken pakaryan kados tembung lingga „obrol‟ inggih menika „obrolaké‟. Lajeng tembung „obrolaké‟ dipunraketi ater-ater {dak-}, saengga kadhapuk tembung andhahan „dakobrolaké‟. Wuwuhan simulfiks dak ‒ aké ingkang ngraket wonten tembung andhahan „dakobrolaké‟ nggadhahi makna „nerangaken kula nindakaken pakaryan tembung lingganipun kangge tiyang sanes ‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Keyakinanku bab urip kuwi ora perlu dakobrolaké marang kowe ‟ maknanipun nerangaken kula „Lirih Nagari‟ nindakaken pakaryan tembung lingganipun „obrol‟ kangge tiyang sanes. Wondene, ngengingi citra paraga utama ingkang saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun inggih menika bilih Lirih Nagari minangka wanodya ingkang gadhah sipat tertutup utawa mboten kersa bilih keyakinanipun dipuncariyosaken dhateng tiyang sanes. Pramila citranipun paraga utama Lirih Nagari ingkang kagambar inggih menika saking aspek psikologis, bilih piyambakipun nggadhahi sipat tertutup dhateng tiyang sanes. Wuwuhan simulfiks dak ‒ aké ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung kriya pasif. Pratanda verba-nipun ngewrat subjek ingkang dados sasaran, kados wonten datanipun „Keyakinanku bab urip kuwi ora perlu dakobrolaké marang kowe‟. Awit saking ukara menika katingal bilih „keyakinanku‟ minangka subjek ingkang dados sasaran predikat verba pasif- ipun „dakobrolaké‟. Adhedhasar saking pratandha-pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan dak ‒ aké wonten tembung andhahan „dakupayakè‟ panci leres nedahaken fungsi