Wujud, Makna, saha Fungsi Simulfiks sa

124 Tembung „pawujudan‟ menika saking tembung lingga „wujud‟ pikantuk wuwuhan ater-ater {pa-} saha panambang {-an}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika pa ‒ an. Caranipun ngrimbag tembung andhahan „pawujudan‟ inggih menika kados diagram wonten nginggil ater-ater {pa-} dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „wujud‟, dados mujudaken tembung andhahan „pawujud‟ kanthi makna nedahaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun „wujud‟. Lajeng tembung „pawujud‟ dipunraketi panambang {-an} saengga mujudaken tembung andhahan „pawujudan‟. Wuwuhan simulfiks pa ‒ an ingkang ngraket wonten tembung andhahan „pawujudan‟ nggadhahi makna „nerangaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingga nipun‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Luhur ya kepranan atine, wong Lirih Nagari nduwe pawujudan rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes ‟ maknanipun nerangaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingga nipun „wujud‟ saking Lirih Nagari. Wondene ngengingi citra Lirih Nagari ingkang saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun, inggih menika saking aspek fisiologis Lirih Nagari nggadhahi praupan ayu saha nggadhahi citra psikologis luruh, grapyak semanak, wicarane tetes. Data menika nedahaken bilih Lirih Nagari wonten cariyosipun dipungambaraken nggadhahi pawujudan rupa ingkang anggun. Saengga panci leres bilih Lirih Nagari kalebet wanodya sulistya. Mboten namung ayu Lirih nagari ugi kalebet wanodya ingkang nggadhahi kapribaden luruh, grapyak semanak, saha wicaranipun tetes. 125 Wuwuhan simulfiks pa ‒ an ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung nomina aran. Pratanda nomina inggih menika tembung ingkang ngewrat makna kebendaan asipat konkrit saha abstrak , kados wonten data menika „Lirih Nagari nduwe pawujudan rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes ‟. Tembung „pawujudan‟ wonten ukara menika nggadhahi makna jinis benda ingkang dipunsebat wonten tembung lingganipun inggih menika „wujud rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes ‟. Lajeng menawi tembung nomina ugi saged dipungathukaken kaliyan adjektiva kados „kang‟ utawa „sing‟, wonten datanipun bilih tembung „pawujudan‟ dipungathukaken kaliyan tembung „kang‟ utawa „sing‟ tasih nggadhahi makna inggih menika „pawujudan kang‟. Adhedhasar saking pratandha-pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan pa ‒ an wonten temb ung andhahan „pawujudan‟ panci leres nedahaken fungsi simulfiks pa ‒ an menawi ngraket wonten tembung lingga andhapuk tembung nomina.

b. Simulfiks pa

‒ an kanthi variasi paN‒ an Wuwuhan simulfiks wujud paN ‒ an kanthi makna „nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun ‟, ugi nggadhahi fungsi basanipun inggih menika ndhapuk tembung kriya pasif. Babagan menika saged kapirsani saking data wonten ngandhap. “Kowe wis ngreti kelantipanku. Yen ana panggawean kantor kaya mengkono aku ajokna, ya. Aku iki saprene rak pengangguran ”. dt 49: CP133P1K2 Wuwuhan paN ‒ an ingkang ngraket wonten tembung andhahan „panggawean‟ kalebet simulfiks amargi wuwuhan ater-ater kalihan panambang 126 dipunraketaken kanthi cara gentosan selang-seling. Dados menawi salah satunggaling wuwuhan mboten dipunraketaken, tembung menika tasih nggadhahi makna. Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap. panggawean panggawean paN ‒ an + gawe Tembung „panggawean‟ menika saking tembung lingga „gawe‟ pikantuk wuwuhan ater-ater {paN-} saha panambang {-an}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika pa ‒ an. Caranipun ngrimbag tembung andhahan „panggawean‟ inggih menika kados bagan wonten nginggil panambang {-an} dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „gawe‟, dados mujudaken tembung andhahan „gawean‟ kanthi makna nedahaken wujud utawa jinis ingkang dipunsebat tembung lingganipun „gawean‟. Lajeng tembung „gawean‟ dipunraketi ater-ater {-paN} saengga mujudaken tembung andhahan „panggawean‟. Wuwuhan simulfiks paN ‒ an ingkang ngraket wonten tembung andhahan „panggawean‟ nggadhahi makna „nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingga nipun‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Kowe wis ngreti kelantipanku. Yen ana panggawean kantor kaya mengkono aku ajokna, ya. Aku iki saprene rak pengangguran ‟ maknanipun nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingga nipun „gawean‟ babagan kantor. Wondene ngengingi citra Lirih Nagari ingkang saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun, inggih menika saking aspek sosiologis bilih Lirih Nagari dereng nggadhahi pakaryan pengangguran.