89
Wuwuhan simulfiks wujud N ‒ é ingkang nggambaraken citra paraga
utamanipun nggadhahi 2 alomorf inggih menika ng ‒ é, saha m‒ é. Variasi-nipun
badhe dipunbabaraken wonten ngandhap.
a. Simulfiks N
‒ é kanthi variasi ng‒ é
Simulfiks N ‒ é kanthi variasi ng‒ é nggadhahi makna ingkang beda.
Makna-makna kasebat kados wonten ing ngandhap. a
Simulfiks wujud N ‒ é kanthi variasi ng‒ é ingkang nggadhahi makna
„Nedahaken papan panggonan‟ saha nggadhahi fungsi ndhapuk tembung Adverbia
Wuwuhan simulfiks wujud ng ‒ é kanthi makna „Nedahaken papan
panggonan ‟, ugi nggadhahi fungsi basanipun inggih menika ndhapuk tembung
Adverbia. Babagan menika saged kapirsani saking data wonten ngandhap. ,,Sentak-sentik dhadha wadon enom sing manglung genah banget katon
ing ngarepé Luhur. dt 30: CP79P4K3
Wuwuhan ng ‒ é ingkang ngraket wonten tembung andhahan „ngarepé‟ kalebet
simulfiks amargi wuwuhan ater-ater kalihan panambang dipunraketaken kanthi cara gentosan selang-seling. Dados menawi salah satunggaling wuwuhan
mboten dipunraketaken, tembung menika tasih nggadhahi makna.Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap.
ngarepé ngarepé
N ‒ é + arep
90
Tembung „ngarepè‟ menika saking tembung lingga „arep‟ pikantuk
wuwuhan ater-ater {ng-} saha panambang {-é}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika N
‒ é kanthi variasi ng‒ é. Caranipun ngrimbag tembung andhahan „ngarepè‟ inggih menika kados diagram wonten nginggil ater-
ater {ng-} dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „arep‟, dados
mujudaken tembung andhahan „ngarep‟ saengga makna ingkang kadhapuk inggih
menika nerangaken papan panggonan . Lajeng tembung „ngarep‟ menika
dipunraketi panambang {-è} saengga mujudaken tembung andhahan „ngarepè‟.
Wuwuhan simulfiks ng ‒ è ingkang ngraket wonten tembung andhahan
„ngarepè‟ nggadhahi makna „Nedahaken papan panggonan‟. Lajeng bilih makna simulfiks-
ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Sentak-sentik dhadha wadon
enom sing manglung genah banget katon ing ngarepé Luhur
‟ maknanipun nedahaken papan panggonan dhadha paraga utamanipun manglung wonten ing
sangarepe Luhur . Wondene ngengingi citra paraga utama saged dipuntingali saking makna simulfiks wonten konteks-ipun. Citranipun ingkang kagambar
inggih menika saking aspek fisiologis Lirih Nagari ingkang nggadhahi perangan
badan ingkang endah. Salah satunggaling inggih menika saking payudaranipun Lirih ingkang kasawang manglung. Andharan menika dipunsengkuyung saking
datanipun inggih menika „dhadha wadon enom sing manglung genah banget
katon ing ngarepè ’ data menika nedahaken bilih Lirih Nagari minangka wanodya
ingkang gadhah dhadha ingkang manglung. Wuwuhan simulfiks ng
‒ è ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung adverbia. Tegesipun pratanda adverbia
„ngarepè‟ katingal saking ukara
91
datanipun. Pramila wonten datanipun „Sentak-sentik dhadha wadon enom sing
manglung genah banget katon ing ngarepé Luhur
‟ tembung „ngarepè‟ nyukani katrangan dhateng tembung ingkang sami-sami katrangan inggih menika
„katon ing
‟. Adhedhasar saking pratandha-pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan ng
‒ è wonten tembung andhahan „ngarepè‟ panci leres nedahaken fungsi wuwuhan simulfiks ng
‒ è menawi ngraket wonten tembung lingga andhapuk tembung Adverbia.
b Simulfiks wujud N
‒ é kanthi variasi ng‒ é ingkang nggadhahi makna „Nindakaken pakaryan kados tembung lingganipun‟ saha nggadhahi fungsi
ndhapuk tembung kriya aktif transitif Wuwuhan simulfiks wujud ng
‒ é kanthi makna „Nindakaken pakaryan kados tembung lingganipun
‟, ugi nggadhahi fungsi basanipun inggih menika ndhapuk tembung kriya aktif transitif. Babagan menika saged kapirsani saking
data wonten ngandhap.
Langit maspadake. Ngunandhika, Lirih iki jan mumpuni. Nggarapé cepet, meh ora tau ana salahe. dt 60: CP182P5K3
Wuwuhan ng ‒ é ingkang ngraket wonten tembung andhahan „nggarapé‟ kalebet
simulfiks amargi wuwuhan ater-ater kalihan panambang dipunraketaken kanthi cara gentosan selang-seling. Dados menawi salah satunggaling wuwuhan
mboten dipunraketaken, tembung menika tasih nggadhahi makna. Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap.
nggarapé nggarapé