53
Pustaka sanesipun saha panaliten ugi dipunrujuk kangge keabsahan panaliten menika.
Uji reliabilitas minangka kangge ngukur kapitadosan kanthi data panaliten ingkang dipunpanggihi. Wonten ing panaliten menika, Panaliti ngginakaken
reliabilitas stabilitas. Tegesipun stabilitas inggih menika Panaliti ningali lan nganalisis data kanthi teliti lan dipunambali wonten kalodhangan sanes saengga
dipunpanggihi data ingkang konsisten supados saged valid. Dados, Panaliti ngambali malih maos data ingkang sampun dipunpanggihaken inggih menika
tembung-tembung ingkang pikantuk wuwuhan simulfiks, Lan nliti bilih data ingkang dipunpanggih lan dipunserat sami kaliyan data ingkang dipunpanggihi
wonten kalodhangan sanes.
54
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
Jumbuh kalihan ancasing panaliten menika, ing ngandhap samangke badhe dipunandharaken asiling panaliten saha pirembaganipun. Asiling panaliten inggih
menika wujud, makna, saha fungsi simulfiks ingkang nggambaraken citra paraga utama wonten novel Cintrong Paju-Pat. Data ingkang ngemot babagan wujud,
makna, saha fungsi simulfiks ingkang nggambaraken citra paraga utama lajeng dipunkelompokaken supados langkung gampil dipunanalisis.
Data asiling panaliten menika banjur dipunlebetaken wonten ing salebeting tabel analisis. Wujudipun data asiling panaliten ngemot wujud, makna,
fungsi simulfiks, citra paraga utama, saha indikator saking data menika. Langkung jangkep asiling panaliten wonten bab menika badhe dipunbabaraken mawi awujud
tabel saha kaandharaken wonten bab pirembagan.
Tabel 3. Wujud Simulfiks, Makna Simulfiks, saha Fungsi Simulfiks ingkang nggambaraken citra paraga utama novel Cintrong Paju-Pat
anggitanipun Suparto Brata
No Data
Tata Tembung Citra
Lirih
Nagari Indikator
Wujud SIM
Makna SIM Fungsi
SIM
1 “Ambane mung
samono we, aku bisa nglumpati
kali kuwi Alas neng caruban ya
akeh kali kaya ngono aku bisa
kok mlumpat
”. N
‒ i
ng
‒
i
Nindakaken pakaryan
kados tembung
lingga dhateng
objekipun Ndhapuk
tembung kriya
aktif transitif
Citra psikologis:
percaya diri
nglumpati N
‒ i + lumpati dt 35: CP93P3K2
Citranipun katingal saking „aku bisa nglumpati‟