Ancasing Panaliten Paedahing Panaliten

11

BAB II GEGARAN TEORI

A. Morfologi

Ngelmu ingkang ngrembag babagan tembung wonten basa Jawi dipunsebut tata tembung. Tata tembung inggih menika ngelmu ingkang ngrembag wujud-wujuding tembung, antawisipun tembung lingga saha tembung kang wis owah saka linggane Antunsuhono, 1960: 13. Sedaya perkawis babagan tata tembung menika dipunrembag ing salebeting kajian morfologi, mliginipun ngandharaken kadospundi tembung-tembung menika kadhapuk, ewah-ewahipun tembung, sarta dampak saking ewah-ewahanipun. Pangertosan tata tembung utawa morfologi menawi dipunpirsani saking segi istilah. Morfologi asalipun saking basa inggris inggih menika „morphology‟, tegesipun cabang ngelmu linguistik ingkang nyinaoni babagan susunan utawi perangan-perangan tembung kanthi cara gramatikal. Menawi dipunpirsani saking cara etimologis Ralibi Mulyana, 2007: 5 ngandharaken bilih, morfologi asalipun saking basa Yunani, inggih menika „morphe‟ ingkang tegesipun „wujudbentuk‟ sarta „logos‟ tegesipun „ngelmu‟. Pamanggih menika laras kaliyan andharanipun Ramlan 1987: 15 ingkang ngandharaken morfologi menika perangan saking ngelmu basa ingkang nyinau seluk beluk tembung sarta ewahipun wujud tembung. Andharan menika dipunsengkuyung dening Nurhayati 2001: 2 ingkang ngandharaken bilih morfologi inggih menika cabang linguistik ingkang ngrembag utawi mengidentifikasi seluk-beluk pandhapuking tembung. Saking andharan menika 12 saged dipunmangertosi bilih morfologi menika perangan saking ngelmu basa ingkang mbabar ngengingi wujudipun tembung sarta gegayutanipun ewah- ewahipun wujud tembung dhateng jinis kaliyan tegesipun. Pamanggih sanesipun dipunandharaken dening Mulyana 2007: 6 mahyakaken bilih morfologi ugi dipunarani dados saperangan cabang kajian linguistik ingkang nyinaoni babagan wujud tembung, ewahaning tembung, lan dampak saking ewahan tembung menika dhateng pangertosan lan kelas tembung. Gayut kaliyan menapa ingkang dipunandharaken Mulyana, Kridalaksana 1993: 142 ugi mratelaken bilih morfologi menika cabang linguistik ingkang nerangaken morfem saha kombinasinipun. Kombinasi ingkang dipunmangertosi inggih menika ewahaning morfem, ugi kalebet saking ewahan menika. Dados intinipun kajian morfologi inggih menika cabang linguistik ingkang ngandharaken utawa nliti asalipun perwujudan kaliyan ewah-ewahanipun tembung. Menawi dipun-analisis sedaya pamanggih ngengingi pangertosan morfologi, kathah para ahli ngandharaken bilih morfologi menika minangka salah satunggaling cabang saking ngelmu basa linguistik, kathahipun pangertosan menika mirsani bilih bidang kajian morfologi menika inggih saking seluk-beluk pandhapuking tembung. Saking analisis menika saged dipunpendhet dudutanipun ngengingi pangertosan morfologi inggih menika cabang linguistik ingkang ngrembag wujud kaliyan proses pandhapuking tembung. Proses pandhapuking tembung menika paring pengaruh dhateng ewah-ewahan wujud tembung menika dhateng makna, golongan tembung, saha fungsinipun.