9
sandiwara mliginipun wonten ing babagan sosiologi panganggit, satemah asiling panaliten menika saged dados bahan pasinaon wonten ing pawiyatan.
G. Pangertosan
Pangertosan dipunginakaken kanthi ancas supados antawisipun panaliti saha pamaos gadhah presepsi ingkang sami bab perkawis panaliten. Wonten ing ngandhap
menika andharan istilah ingkang gayut kaliyan panaliten. 1.
Naskah sandiwara Maruku inggih menika satunggaling naskah sandiwara radio ingkang kawrat woten ing buku kempalan waosan basa Jawi Maruku
anggitanipun Titik Renggani. Naskah sandiwara Maruku kaserat wonten ing kaca 9 dumugi kaca 97.
2. Kreasi inggih menika asil daya cipta adhedhasar kawigegan, penggalihan saha
imajinasi panganggit. 3.
Patron inggih menika panguaos seni ingkang mangaribawani wos saha proses kariptanipun satunggaling karya kanthi paring piwales arupi beya gesang dhateng
panganggit.
10
BAB II GEGARAN TEORI
A. Naskah Sandiwara Minangka Karya Sastra
Miturut Endraswara 2011a: 12 sandiwara menika dhapukan saking tembung sandi saha wara h. Tembung sandi tegesipun rahasia saha tembung wara
h dados tembung warah tegesipun piwulang. Pramila sandiwara tegesipun drama ingkang ngewrat piwulang ingkang dipunsampekaken kanthi boten langsung
ngengingi bab pagesangan. Sandiwara utawi drama gadhah titikan inggih menika ngginakaken pacelathon saha ngewrat piwulang gesang. Pramila, tembung sandiwara
minangka dasa nama tembung drama wonten ing basa Indonesia ingkang kekalihipun gadhah teges ingkang sami. Tembung drama piyambak miturut Waluyo 2001: 2
asalipun saking basa Yunani “draomai” ingkang tegesipun berbuat, berlaku, bertindak, utawi bereaksi. Pramila drama utawi sandiwara saged dipuntegesi
lampahan cariyos ingkang dipungambaraken mawi paraga saha ngewrat piwulang gesang.
Miturut Harymawan 1993: 23 naskah inggih menika wujudreng-rengan kaserat saking cariyos sandiwara. Pramila naskah inggih menika rantaman lampahan
cariyos sandiwara ingkang sampun kaserat saha saged dipunpentasaken, ewadene Luxemburg dkk 1984: 158 ugi ngandharaken bilih teks sandiwara inggih menika
sedaya seratan ingkang arupi pacelathon-pacelathon ingkang wosipun nyariosaken satunggaling lampahan cariyos. Saking pangertosan ingkang dipunandharaken dening