Panaliten Ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

28 naskah, ateges karya sastra dipunanggep minangka sumber utami wonten ing panaliten menika. Kekalih panaliten menika nganalisis unsur intrinsik wonten ing salebeting karya sastra kangge mangertosi kahanan ingkang dipungambaraken panganggit wonten ing jaman ngriptanipun. Bedanipun kaliyan panaliten ingkang dipunadani menika langkung nengenaken panganggit minangka sumber utami panaliten, dados karya sastra dipunanggep minangka data panjurung kemawon. Panaliten menika kalebet panaliten sosiologi panganggit ingkang ngupiya mangertosi unsur ekstrinsik naskah sandiwara Maruku mliginipun dipuntingali saking kawontenan panganggit. 29

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet jinising panaliten sastra. Miturut Semi 1993: 18 panaliten sastra inggih menika upaya kangge mangertosi saha negesi kanthi ngatos- atos saha kritis kanthi lebet dhateng perkawis sastra. Langkung jangkep Endraswara 2003: 8 ngandharaken bilih metode panaliten sastra inggih menika cara panaliten kanthi tetimbangan bentuk, wos saha sipat sastra minangka kajianipun. Panaliten menika ngginakaken pendekatan sosiologi sastra. Kados ingkang dipunandharaken Wiyatmi 2009: 97 bilih pendekatan kasebut adhedhasar kasunyatan bilih karya sastra boten saged uwal saking realita sosial ingkang kadadosan wonten ing masarakat. Langkung mligi, panaliten menika ngginakaken sosiologi panganggit kangge mangertosi unsur ekstrinsik karya ingkang sesirah Maruku mliginipun babagan kegiatan panganggit wonten ing saknjawinipun karya sastra.

B. Dhata saha Sumber Dhata

Sumber dhata wonten ing panaliten menika inggih menika sumber dhata pimer saha sumber dhata sekunder. 1. Sumber Dhata Primer wonten ing panaliten menika inggih menika informan, Titik Renggani minangka panganggit naskah sandiwara Maruku. 30 2. Sumber Dhata Sekunder wonten ing panaliten menika inggih menika naskah sandiwara Maruku saha sumber referensi sanes ingkang gayut kaliyan panaliten. Dhata ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika dipunperang dados dhata primer saha dhata sekunder. 1. Dhata Primer minangka dhata pokok wonten ing panaliten menika. Inggih menika asil wawancara kaliyan panganggit adhedhasar pandom wawancara ingkang dipunrekam ngginakaken Hp. 2. Dhata Sekunder minangka dhata-dhata ingkang paring pambiyantu dhateng panaliten, arupi unsur intrinsik ingkang ngewrat panokohan, latarsetting, saha amanat sarta dhata-dhata sosiologi ingkang awujud perkawis-perkawis sosial ingkang kawrat wonten ing naskah sandiwara radio Maruku, ugi informasi ingkang dipunpanggihaken saking sumber referensi sanesipun.

C. Caranipun Ngempalaken Dhata

Cara ngempalaken dhata inggih menika cara ingkang dipunlampahi kangge manggihaken dhata ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. Cara Ngempalaken dhata wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi :

1. Teknik Wawancara

Wawancara mendalam dipunwastani ugi wawancara tak tersruktur, miturut pamanggihipun Endraswara 2006: 168 Wawancara mendalam inggih menika wawancara ingkang dipunlampahi kanthi santé, boten formal saha kekalih pihak