Pirantining Panaliten Caranipun Nganalisis Dhata
33
ingkang ngewrat pirembagan babagan Titik Renggani sarta buku-buku ingkang sampun nate dipunterbitaken.
2. Klasifikasikategorisasi dhata, dhata ingkang dipunpanggihaken saking proses
pangempalan dhata taksih campur bawur, dereng katata. Pramila dipunbetahaken klasifikasi dhata. Klasifikasi dhata jumbuh kaliyan ancas
panaliten, pramila saking sedaya dhata ingkang sampun dipunpanggihaken salajengipun dipunklasifikasikaken dados tigang perangan inggih menika dhata
ingkang nedahaken latar sosial budaya panganggit ingkang mangaribawani kariptanipun naskah sandiwara maruku, dhata ingkang nedahaken panjurung
profesi utami panganggit, saha dhata ingkang mratelakaken masarakat ingkang dipuntuju dening pangangggit.
3. Tafsir sosial, dhata ingkang sampun dipunperang dados kelompok-kelompok
tartamtu lajeng dipunalisis kanthi lebet. Dhata-dhata menika dipungayutaken kalian jalaran kaseratipun naskah sandiwara Maruku. Salajengipun panaliti
nafsiraken dhata konteks sosial panganggit ingkang paring pangaribawa dhateng proses kariptanipun saha wosipun naskah sandiwara Maruku.