Riwayat Gesanging Panganggit Asiling Panaliten

36 seserepanipun babagan makarya, panjenenganipun remen ngayahi mapinten-pinten pakaryan sesarengan. Nalika panjenenganipun pikantuk gelar sarjana ekonomi panjenenganipun lajeng makarya wonten ing PT Citra Nugraha Mobilindo Bimantara minangka sekertaris. Ananging panjenenganipun ugi ngayahi pakaryan minangka pengisi acara saha presenter mapinten-pinten adicara wonten ing TVRI, ing antawisipun pengisi acara “Guyon parikena” TVRI Surabaya 1995-1999, pengisi acara Humor “Salon Didik nini thowok” wonten ing TVRI Semarang 1997- 1999, pengisi acara Mbangun Desa wonten ing TVRI Yogyakarta 1998-2001, pengisi acara “Komplek” wonten ing TVRI Yogyakarta 1998-2000, pengisi acara “Gatot kaca” wonten ing TVRI Yogyakarta 1998-2000, presenter acara “Ceplas- ceplos “wonten ing TVRI Yogyakarta 2000-2007. Wiwit taun 2006 dumugi sakmenika Titik Renggani makarya wonten ing RRI Yogyakarta. Boten menika kemawon, panjenenganipun ugi taksih ngayahi mapinten-pinten pakaryan wonten ing tivi dumugi sakmenika. Ing antawisipun minangka presenter acara “Ceplas-ceplos” wonten ing TVRI Yogyakarta 2000- 2007, presenter acara rolasan keroncong wonten ing Jogja TV2007-2011, presenter acara Konser jawa wonten ing TVRI Yogyakarta2007-sekarang, Pengisi acara “Wedang rondhe” wonten ing ADI TV 2012. Kejawi menika panjenenganipun ugi minangka paraga kethoprak, humor, sinetron saha pranatacara wonten ing mapinten-pinten stasiun tivi dumugi sakmenika. Wondene andharan langkung jangkep babagan pakaryan ingkang dipunayahi wonten ing RRI antawisipun minangka penyiar, presenter, panyerat naskah Feature, 37 DBU, majalah Udara, dokumenter, iklan layanan masarakat, paket-paket ingkang dipunkirim dhateng RRI Pusat, naskah siaran anak-anak, pengarah acara saha pengajar menawi wonten kunjungan saking instansi babagan produksi siaran saha panyeratan sarta pengajar wonten ing puslitbangdiklat RRI. Kejawi menika panjenenganipun ugi minangka pambabar kawruh wonten ing pawiyatan formal saha non formal dumugi sakmenika.

2. Kalenggahanipun Panganggit Wonten ing Kulawarga

Titik Renggani dipungarwa dening Aryanto Widyastoro, SH nalika taun 1998. Sakmenika sampun pinaringan putra tiga ingkang nama Nideanita Khalistya Putri, Ivana Bilqis Putri Arnisya, saha Arneisya Raina Satya Laksita. Tigang nama putrinipun kasebut asring dipundadosaken nama samaran nalika panjenenganipun siaran sandiwara wonten ing RRI Yogyakarta. Titik Renggani sakulawarga lenggah ing Perumahan SGPLB F23 Jl wates km 2, Kalibayem Yogyakarta. Jejibahan Titik Renggani salebeting kulawarga inggih menika minangka ibu rumah tangga, dados semah saha ibu kangge putranipun. Titik Renggani minangka sosok ibu rumah tangga ingkang sae saha tanggel jawab kaliyan peranipun salebeting kulawarga. Menika saged dipuntingali nalika panjenenganipun nyariyosaken kesibukanipun. Panjenenganipun wiwit nyerat nalika jam 9 utawi 10 dalu nalika putranipun sampun tilem saha semahipun sampun boten betahaken kanca guneman utawi sampun sare. Saderengipun budhal makarya, panjenenganipun ugi damelaken sarapan kangge semah saha putranipun rumiyin sanajan kadhang kala jadwal siaranipun enjing sanget, wonten ing dinten selasa panjenenganipun wiwit siaran jam 38 setengah gangsal enjing. Menawi budhal makarya, panjenenganipun ugi ndugekaken putri-putrinipun wonten ing sekolahan kala rumiyin. Titik Renggani ugi gadhah cara ndhidhik putra ingkang sae, tuladhanipun wonten ing babagan paring piwulang kadhisiplinan. Panjenenganipun asring ngecek dhateng kamar putranipun babagan hp, amargi panjenenganipun kuwatos babagan radiasi hp ingkang kiat sanget. Panjenenganipun damel peraturan sampun ngantos hp dipunsandhing wonten ing papan peturon, menawi dipunpanggihi putranipun tilem kaliyan nyandhing hp pramila hp menika dipunsita. Kanthi mapinten-pinten perkawis ingkang kaandharaken, saged dipunmangertosi bilih Titik Renggani menika boten nilar jejibahanipun minangka ibu rumah tangga ingkang gadhah jejibahan kangge ndidik saha ngrumat putri-putrinipun. Kekaguman putranipun dhateng ibukipun ugi dipunpanggihaken nalika panaliti mbikak blog Titik Renggani. Blog menika dipundamel dening salah satunggal putranipun ingkang damel postingan artikel wosipun ngandharaken bombonging manah dhateng ibunipun minangka panyerat. Boten saged dipunselaki bilih kulawarga gadhah pangaribawa ingkang ageng dhateng lampahipun gesang panganggit, minangka tiyang personal menapadene minangka sastrawan. Tamtu kathah ugi kadadosan-kadadosan saha seserepan gesang wonten ing kulawarga ingkang kabeta wonten ing salebeting karya-karyanipun.

3. Kiprahipun Panganggit Wonten ing Jagad Seni saha Sastra

Wiwit SMP Titik Renggani sampun remen kaliyan seni saha sastra. Mliginipun nyerat naskah sandiwara saha main sandiwara kaliyan kanca-kancanipun asring dipunpentasaken nalika acara tutup taun. Amargi panjenenganipun kagungan