30
2. Sumber Dhata Sekunder wonten ing panaliten menika inggih menika naskah
sandiwara Maruku saha sumber referensi sanes ingkang gayut kaliyan panaliten.
Dhata ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika dipunperang dados dhata primer saha dhata sekunder.
1. Dhata Primer minangka dhata pokok wonten ing panaliten menika. Inggih
menika asil wawancara kaliyan panganggit adhedhasar pandom wawancara ingkang dipunrekam ngginakaken Hp.
2. Dhata Sekunder minangka dhata-dhata ingkang paring pambiyantu dhateng
panaliten, arupi unsur intrinsik ingkang ngewrat panokohan, latarsetting, saha amanat sarta dhata-dhata sosiologi ingkang awujud perkawis-perkawis sosial
ingkang kawrat wonten ing naskah sandiwara radio Maruku, ugi informasi ingkang dipunpanggihaken saking sumber referensi sanesipun.
C. Caranipun Ngempalaken Dhata
Cara ngempalaken dhata inggih menika cara ingkang dipunlampahi kangge manggihaken dhata ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. Cara
Ngempalaken dhata wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi :
1. Teknik Wawancara
Wawancara mendalam dipunwastani ugi wawancara tak tersruktur, miturut pamanggihipun Endraswara 2006: 168 Wawancara mendalam inggih menika
wawancara ingkang dipunlampahi kanthi santé, boten formal saha kekalih pihak
31
kados boten wonten beban psikologis. Wawancara mendalam dipunlampahi kanthi pandom wawancara ingkang sampun dipundamel kala rumiyin. Panaliti kanthi sedaya
kawegiganipun kedah ngupiya kangge pados informasi ingkang sakathah-kathahipun saha lebet saking informan supados panaliti pikantuk dhata ingkang jangkep.
Wawancara dipuntindakaken kanthi ancas pikantuk informasi saking informan ingkang dipunwawancarai, wonten ing tahap menika cara ngempalaken dhata saking
informan kanthi ngginakaken alat perekam arupi Hp kangge ngrekam lampahipun wawancara, pandom wawancara saha buku cathetan kangge nyerat menapa kemawon
ingkang dipunpanggihaken sadangunipun panaliten ingkang wonten gayutanipun kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken. Salajengipun ugi dipuntindakaken
mendhet gambar ingkang dipunginakaken kangge bukti kaliyan dokumentasi.
2. Teknik Kapustakan
Teknik kapustakan minangka salah satungaling teknik ngempalaken dhata kanthi studi pustaka. Studi pustaka katindakaken kanthi maos naskah sandiwara
Maruku saha pados info sanes ingkang gayut kaliyan panaliten menika mliginipun informasi babagan panganggit saking internet. Studi pustaka ingkang katindakaken
mawi internet dipunginakaken kangge madosi informasi ingkang gayut kaliyan panganggit saha karyanipun. Informasi minangka dhata panjurung mliginipun
kapanggihaken saking jejaring sosial facebook, blog, artikel, lan sapanunggalanipun.