Teknik Kapustakan Caranipun Ngempalaken Dhata

32

D. Pirantining Panaliten

Piranti panaliten inggih menika piranti kangge mahyakaken dhata panaliten. Piranti utama wonten ing panaliten menika inggih menika panaliti piyambak human instrument. Panaliti minangka pirantining panaliten, adhedhasar pamanggih ingkang dipunandharaken dening Endraswara 2003: 5 bilih wonten ing salebeting panaliten sastra panaliti minangka instrument kunci ingkang badhe maos satunggaling karya sastra kanthi permati. Pramila wonten ing panaliti menika panaliti ingkang damel rengrengan panaliten, lajeng ngempalaken dhata, lajeng nganalisis saha nafsiraken dhata saha pungkasanipun panaliti ugi dados pelapor asiling panaliten.

E. Caranipun Nganalisis Dhata

Caranipun nganalisis dhata wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi teknik deskriptif interpretative sosiologi panganggit. Deskriptif interpretative sosiologi panganggit katindakaken kanthi ancas ndiskripsekaken saha nafsiraken konteks sosial panganggit. Miturut Endraswara 2011b: 103-116 cara nganalisis dhata panaliten sosiologi sastra inggih menika kanthi ngempalaken dhata, klasifikasikategorisasi dhata, saha tafsir sosial. Adhedhasar pamanggih menika, pramila caranipun nganalisis dhata wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi: 1. Cara ngempalaken dhata wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi damel transkrip wawancara saking asil wawancara kaliyan panganggit inggih menika Titik Renggani, sarta pados informasi sanesipun saking internet antawisipun saking facebook, blog, artikel saha sumber internet sanesipun 33 ingkang ngewrat pirembagan babagan Titik Renggani sarta buku-buku ingkang sampun nate dipunterbitaken. 2. Klasifikasikategorisasi dhata, dhata ingkang dipunpanggihaken saking proses pangempalan dhata taksih campur bawur, dereng katata. Pramila dipunbetahaken klasifikasi dhata. Klasifikasi dhata jumbuh kaliyan ancas panaliten, pramila saking sedaya dhata ingkang sampun dipunpanggihaken salajengipun dipunklasifikasikaken dados tigang perangan inggih menika dhata ingkang nedahaken latar sosial budaya panganggit ingkang mangaribawani kariptanipun naskah sandiwara maruku, dhata ingkang nedahaken panjurung profesi utami panganggit, saha dhata ingkang mratelakaken masarakat ingkang dipuntuju dening pangangggit. 3. Tafsir sosial, dhata ingkang sampun dipunperang dados kelompok-kelompok tartamtu lajeng dipunalisis kanthi lebet. Dhata-dhata menika dipungayutaken kalian jalaran kaseratipun naskah sandiwara Maruku. Salajengipun panaliti nafsiraken dhata konteks sosial panganggit ingkang paring pangaribawa dhateng proses kariptanipun saha wosipun naskah sandiwara Maruku.

F. Caranipun Ngesahaken Dhata

Cara ngesahaken dhata wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi tetimbangan validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika validitas semantik saha tetimbangan ahli Expert Judgement. Miturut Endraswara 2003: 164 validitas semantik inggih menika