Kalenggahanipun Panganggit Wonten ing Kulawarga

38 setengah gangsal enjing. Menawi budhal makarya, panjenenganipun ugi ndugekaken putri-putrinipun wonten ing sekolahan kala rumiyin. Titik Renggani ugi gadhah cara ndhidhik putra ingkang sae, tuladhanipun wonten ing babagan paring piwulang kadhisiplinan. Panjenenganipun asring ngecek dhateng kamar putranipun babagan hp, amargi panjenenganipun kuwatos babagan radiasi hp ingkang kiat sanget. Panjenenganipun damel peraturan sampun ngantos hp dipunsandhing wonten ing papan peturon, menawi dipunpanggihi putranipun tilem kaliyan nyandhing hp pramila hp menika dipunsita. Kanthi mapinten-pinten perkawis ingkang kaandharaken, saged dipunmangertosi bilih Titik Renggani menika boten nilar jejibahanipun minangka ibu rumah tangga ingkang gadhah jejibahan kangge ndidik saha ngrumat putri-putrinipun. Kekaguman putranipun dhateng ibukipun ugi dipunpanggihaken nalika panaliti mbikak blog Titik Renggani. Blog menika dipundamel dening salah satunggal putranipun ingkang damel postingan artikel wosipun ngandharaken bombonging manah dhateng ibunipun minangka panyerat. Boten saged dipunselaki bilih kulawarga gadhah pangaribawa ingkang ageng dhateng lampahipun gesang panganggit, minangka tiyang personal menapadene minangka sastrawan. Tamtu kathah ugi kadadosan-kadadosan saha seserepan gesang wonten ing kulawarga ingkang kabeta wonten ing salebeting karya-karyanipun.

3. Kiprahipun Panganggit Wonten ing Jagad Seni saha Sastra

Wiwit SMP Titik Renggani sampun remen kaliyan seni saha sastra. Mliginipun nyerat naskah sandiwara saha main sandiwara kaliyan kanca-kancanipun asring dipunpentasaken nalika acara tutup taun. Amargi panjenenganipun kagungan 39 pepinginan mlebet ing TV rikala semanten, satemah ndadosaken panjenenganipun remen kaliyan donyaning seni saha sastra. Nalika SMP panjenenganipun ugi sampun dados pengisi wonten ing radio Rasia Lima. Dumugi SMA panjenenenganipun sampun dados paraga sandiwara wonten ing TVRI kaliyan tiyang-tiyang ingkang kawentar kadosta Yati Pesek, mang Kutut, Haryadi lan sapanunggalanipun. Salajengipun lumeber dados paraga sinetron wonten ing stasiun-stasiun TV sanesipun kadosta Indosiar, ANTV, TRANS TV, TRANS7 saha SCTV. Ewa semanten panjengenanipun ugi makarya wonten ing satunggaling perusahaan swasta wonten ing Yogya. Ananging rikala pikantuk tawaran kangge makarya wonten ing RRI taun 2006 panjenenganipun langkung milih nampi tawaran menika lan nilar pakaryanipun minangka sekertaris wonten ing perusahaan kasebut. Panjenenganipun gadhah kekajengan kangge nguri-uri kabudayan saha paring sumbangsih dhateng seni saha budaya, mliginipun budaya Jawa amargi piyambakipun lair saha ageng wonten ing Jawa. Sasampunipun dados penyiar wonten ing RRI lajeng panjenenganipun dipunsuwuni dening kanca-kanca supados damel naskah siaran, kanthi sangu seserepanipun asring dados presenter saha aktris ingkang sampun asring maos scipt, lajeng panjenenganipun wiwit nyerat saha dados panyerat wonten ing RRI menika. Pangaji-aji kapisan ingkang dipuntampi piyambakipun minangka juara I majalah udara siaran lare-lare tingkang nasional 2009 dadosaken bombonging manah saha panjurung anggenipun damel seratan sanesipun. Titik Renggani boten namung nyerat cariyos-cariyos ingkang ngginakaken basa Jawi, panjenenganipun ugi nyerat cariyos kanthi basa Indonesia. Seratan