8
E. Ancasing Panaliten
Adhedhasar wosing perkawis, pramila ancasing panaliten ingkang badhe dipungayuh inggih menika.
1. Mangertosi latar belakang sosial budaya panganggit ingkang paring pangaribawa
dhateng kariptanipun karya ingkang asesirah Maruku. 2.
Mangertosi anggenipun panganggit njangkepi profesi utaminipun. 3.
Mangertosi masarakat pamaos ingkang dipuntuju dening panganggit, wonten ing babagan wos saha basa ingkang dipunginakaken panganggit wonten ing
karyanipun ingkang asesirah Maruku.
F. Paedahing Panaliten
Paedahing panaliten menika kaperang dados kalih, inggih menika. 1.
Paedah Teoritis Asiling panaliten menika dipunkajengaken saged paring paedah kangge
ngrembakaaken kawruh saha suka pambiantu kangge panaliti salajengipun ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan sosiologi sastra mliginipun babagan sosiologi
panganggit sarta kangge nambah asil panaliten sastra jawa mliginipun wonten ing babagan teks sandiwara abasa Jawi.
2. Paedah Praktis
Paedah sanes ingkang dipunkajengaken supados panaliten menika saged paring sumbangsih dhateng pendidikan. Suka paedah wonten ing pasinaon apresiasi
9
sandiwara mliginipun wonten ing babagan sosiologi panganggit, satemah asiling panaliten menika saged dados bahan pasinaon wonten ing pawiyatan.
G. Pangertosan
Pangertosan dipunginakaken kanthi ancas supados antawisipun panaliti saha pamaos gadhah presepsi ingkang sami bab perkawis panaliten. Wonten ing ngandhap
menika andharan istilah ingkang gayut kaliyan panaliten. 1.
Naskah sandiwara Maruku inggih menika satunggaling naskah sandiwara radio ingkang kawrat woten ing buku kempalan waosan basa Jawi Maruku
anggitanipun Titik Renggani. Naskah sandiwara Maruku kaserat wonten ing kaca 9 dumugi kaca 97.
2. Kreasi inggih menika asil daya cipta adhedhasar kawigegan, penggalihan saha
imajinasi panganggit. 3.
Patron inggih menika panguaos seni ingkang mangaribawani wos saha proses kariptanipun satunggaling karya kanthi paring piwales arupi beya gesang dhateng
panganggit.