Naskah Sandiwara Minangka Karya Sastra

11 ahli kekalih menika seged dipunpendhet dudutan bilih naskah inggih menika rengrengan lampah satunggaling cariyos sandiwara ingkang arupi pacelathon- pacelathon ingkang gayut saha nedahaken satunggaling perkawis. Wonten kalih perangan ingkang kedah dipungatosaken rikala nyebutaken istilah sandiwara, inggih menika sandiwara naskah saha sandiwara pentas. Kekalihipun gadhah sumber ingkang sami inggih menika naskah sandiwara. Pramila naskah sandiwara asring dados wosing rembag telaah sandiwara. Naskah sandiwara saged dipundadosaken bahan studi sastra, saged dipunpentasaken wonten sangajengipun pamirsa kanthi langsung wonten panggung utawi wonten ing televisi, saha saged dipunsamektakaken wonten ing media audio arupi sandiwara radio utawi kaset. Jumbuh kaliyan naskah sandiwara minangka bahan studi sastra, Waluyo 2001: 2 ngandharaken nalika dipuntingali saking genre sastranipun, naskah sandiwara minangka salah satunggaling jinis sastra ingkang dipunsejajaraken kaliyan geguritan saha gancaran, nanging amargi wujudipun pacelathon pramila basa ingkang dipunginakaken salebeting sandiwara boten saklek kados basa geguritan saha langkung gampil saking basa wonten ing gancaran. Minangka gambaran utawi jiplakan gesang, pacelathon wonten ing sandiwara kathah mendhet saking basa ingkang dipunginakaken wonten ing gesang padintenan. Langkung jangkep Waluyo 2001: 2 ngandharaken bilih naskah sandiwara dipunwatesi minangka salah satunggaling jinis karya sastra ingkang dipunserat wonten ing bentuk pacelathon adhedhasar konflik batin saha gadhah kamungkinan 12 kangge dipunpentasaken. Gayut kaliyan pamanggihipun Waluyo, Wiyatmi 2009: 27 ugi nyebataken bilih sandiwara kalebet salah satunggaling jinis karya sastra sasanesipun geguritan saha naratif ingkang kalebet novel utawi roman, saha cerkak sarta novelet. Pramila sandiwara ingkang arupi naskah utawi pentas menika wonten gayutipun kaliyan basa sastra, satemah telaah sandiwara kedah dipun gayutaken kaliyan sastra. Adhedhasar andharan menika, pramila naskah sandiwara radio Maruku saged kaginakaken minangka dhata panjurung wonten ing panaliten. Naskah sandiwara ugi asring dipunsebut sastra lakon. Naskah sandiwara dipunbangun saking unsur fisik ingkang arupi kebahasaan saha unsur batin ingkang arupi makna Waluyo, 2001: 6. Pramila wujud fisik naskah sandiwara inggih menika pacelathon utawi ragam tutur ingkang gadhah unsur pambangun minangka titikan kangge bedakaken kaliyan jinis sastra sanesipun. Taksih gayut kaliyan sandiwara, kathah ahli ingkang nedahaken bilih sandiwara ingkang sae kedah ngetingalaken konflik. Konflik ingkang dipunandharaken wonten ing salebeting lampahan kedah gadhah motif. Motif saking konflik ingkang dipunbangun badhe mujudaken kadadosan-kadadosan wonten ing cariyos. Motif saking kadadosan ingkang dipungambaraken menika kedahipun wajar saha realistis, tegesipun saestu dipunpendhet saking gesangipun manungsa. Minangka salah satunggaling jinis sastra, sandiwara ugi dipunbangun saha dipunbentuk saking unsur-unsur ingkang wonten ing jinis sastra sanesipun, mliginipun karya fiksi. Kados karya fiksi umumipun, sandiwara gadhah unsur ingkang mbentuk saha mbangun saking salebeting karya menika piyambak intrinsik 13 saha unsur njawi ingkang paring pangaribawa dhateng proses ngriptanipun karya menika ekstrinsik. Kanthi mekaten kedah dipunpahami bilih sandiwara menika boten jumedul kanthi dumadakan. Minangka karya kreatif, sandiwara tamtu tuwuh amargi mapinten-pinten perkawis. Kados pundi kreatifitas panganggit saha unsur realitas objektif kawontenan ing kasunyatan minangka unsur ekstrinsik ingkang mangaribawani kariptanipun sandiwara.

B. Karya Sastra Minangka Asil Kreasi Panganggit

Karya sastra inggih menika sarana kangge nyariyosaken, ngandharaken mawi lisan menapa dene seratan. Karya sastra nyariyosaken prastawa ing wanci tartamtu saha masarakat tartamtu. Proses tuwuhipun karya sastra wonten gayutipun kaliyan kawontenan panganggit minangka anggota masarakat. Prastawa ingkang dipungambaraken panganggit wonten ing cariyos asring minangka refleksi sesambetan antawisipun piyambakipun kaliyan tiyang sanes saha masarakat wonten ing kasunyatan. Kreatifitas panganggit jumedul saking pamanggih, seserepan saha kekajenganipun ningali perkawis tartamtu wonten ing kasunyatan. Realitas ingkang wonten ing lingkungan panganggit dipungambaraken kanthi daya imajinasi minangka sarana kangge nyaluraken aspirasi saha gagasan panganggit ningali realita sosial kasebut. Ratna 2004: 60 ngandharaken bilih wonten sesambetan ingkang caket antawisipun karya sastra kaliyan masarakat. Sesambetan menika dipunsebabaken amargi: 14 1. karya sastra dipunasilaken dening panganggit, 2. panganggit minangka perangan masarakat, 3. panganggit mumpangataken menapa ingkang wonten ing salebeting masarakat, saha 4. asil karya sastra dipunmumpangataken dening masarakat. Adhedhasar andharan wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih panganggit merespon satunggaling kadadosan lumantar karya sastra ingkang dipunripta minangka piranti ngedalaken seserepanipun bab gesang masarakat wonten ing kawontenan tartamtu. Lumantar asil karyanipun, panganggit nggambaraken kwawontenan gesang ingkang wonten ing sakupengipun saengga saged dipunnikmati, dipunpahami saha saged dipunmumpangataken dening masarakat. Luxemburg dkk 1984: 5 ngandharaken mapinten-pinten pangertosan sastra wonten ing jaman Romantik ingkang dumugi samenika taksih dipunginakaken, salah satunggalipun inggih menika sastra minangka asil ciptaan, kreasi panganggit boten dipunwiwiti kanthi proses imitasi. Ateges, panganggit ngripta satunggaling donya enggal ingkang dipunlajengaken kanthi ningali kawontenan alam sakupengipun, lajeng dipunsampurnakaken. Sastra dipunanggep minangka asil emosi ingkang spontan, unsur kreativitas saha spontanitas menika taksih dipundadosaken paugeran ngantos samenika sanajan boten dipunkatingalaken mawi blaka. Saperangan ageng panganggit tamtu boten kersa menawi asil karyanipun dipunwastani minangka imitasi utawi jiplakan wetah saking kasunyatan utawi saking karyanipun tiyang sanes, amargi satunggaling karya menika dipunripta kanthi pamanggih saha imajinasinipun