Underaning Perkawis Watesaning Perkawis Wosing Perkawis Ancasing Panaliten

Pethikan novel menika nggambaraken bilih paragatama inggih menika Wimbadi saweg guneman kaliyan Dulmanan, nanging saking guneman menika tuwuh konflik sosial ingkang awujud perdebatan. Bab menika dipunsebabaken amargi wonten beda pamanggih antawisipun tiyang kalih menika. Wonten ing konflik menika Wimbadi tetep ing pamanggihipun. Konflik sosial sanesipun ingkang gayut kaliyan paragatama wonten ing salebeting novel menika saged katliti migunakaken ngelmu sosiologi sastra. Sosiologi menika nyinau bab gesanging manungsa wonten ing masarakat, sesambetanipun manungsa kaliyan manungsa sanesipun, dene ngelmu sastra nyinau karya sastra minangka asil kabudayan ing gesanging manungsa. Tegesipun sosiologi sastra menika nyinau gayutipun sastra kaliyan sosiologi kanthi objek ingkang sami inggih menika manungsa wonten ing masarakat.

B. Underaning Perkawis

Saking dhasaring panaliten menika wonten perkawis-perkawis ingkang tuwuh wonten ing pengkajian novel kadosta: 1. Wujud latar sosial masarakat wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 2. Hubungan sosial antawisipun paragatama kaliyan paraga sanesipun wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 4. Wujud konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 5. Jinis konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 6. Sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu.

C. Watesaning Perkawis

Saking kathah perkawis kedah dipunwatesi supados panaliten ingkang katindakaken saged langkung fokus. Pramila panaliti namung mendhet saperangan perkawis, inggih menika ing bab: 1. Wujud konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 2. Perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu.

D. Wosing Perkawis

Adhedhasar watesaning perkawis ingkang kaandharaken, saged kapendhet wosing perkawis inggih menika: 1. Kadospundi wujud konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu? 2. Kadospundi perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu? 3. Kadospundi sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu?

E. Ancasing Panaliten

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken saperangan bab ingkang dados perkawis ing pengkajian novel, inggih menika: 1. Ngandharaken wujud konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 2. Ngandharaken perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Ngandharaken sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu.

F. Paedahing Panaliten