Jinising Panaliten Data saha Sumber Data Caranipun Ngempalaken Data

18

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika migunakaken metode panaliten deskriptif analisis, tegesipun panaliten menika katindakaken kanthi ngandharaken fakta-fakta ingkang dipunlajengaken analisis Ratna, 2013: 53. Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken sawijining perkawis kanthi sistematis saha faktual sarta kaandharaken menapa wontenipun. Panaliten menika migunakaken pendekatan sosiologi sastra kangge mangertos karya sastra gegayutanipun kaliyan perkawis- perkawis sosial wonten ing masarakat minangka dhasaring pendekatan kasebat. Panaliten menika badhe ngandharaken wujud konflik sosial, perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial, sarta sikapipun paragatama nalika nglampahi konflik sosial wonten ing salebeting novel Kadurakan ing Kidul Dringu.

B. Data saha Sumber Data

Data panaliten menika inggih saking sedaya fakta utawi fenomena Endraswara, 2011: 103 saking pethikan cariyos ingkang ngandharaken wujud konflik sosial, perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial, sarta sikapipun paraga nalika nglampahi konflik sosial wonten ing salebeting novel Kadurakan ing Kidul Dringu. Data menika awujud narasi, pacelathon menapadene lelampahanipun para paraga novel. Sumber datanipun inggih menika novel Kadurakan ing Kidul Dringu anggitanipun Suparto Brata ingkang kalebet wiracarita. Novel kanthi kandel 196 kaca menika kacithak dening penerbit Narasi Yogyakarta taun 2012.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Teknik menika nedahaken panaliti maos sumber data kanthi premati, kanthi nggatosaken peranganing sumber data ingkang jumbuh kaliyan ancasing panaliten. Salajengipun, perangan ingkang jumbuh menika dipunsukani tandha supados gampil menawi dipunpantha-pantha. Perangan menika minangka data lajeng dipunserat wonten ing kertu analisis data. Wonten ing panaliten menika panaliti ugi kedah nindakaken sawetawis tindakan kangge ngempalaken data, inggih menika kanthi cara: 1. Maos novel ingkang dados sumber data inggih menika novel Kadurakan ing Kidul Dringu, kangge madosi data ingkang jumbuh kaliyan wosing panaliten. 2. Data ingkang awujud narasi, menapadene pacelathon ingkang wonten ing salebeting novel menika dipunsukani tandha tartamtu kangge mbedakaken jinising data, ingkang kaperang dados tiga inggih menika wujud konflik sosial, perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial, sarta sikapipun paragatama nalika nglampahi konflik sosial wonten ing salebeting novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Salajengipun, data menika dipunserat wonten ing kertu analisis data.

D. Pirantining Panaliten