Paedahing Panaliten Pangertosan PURWAKA

E. Ancasing Panaliten

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken saperangan bab ingkang dados perkawis ing pengkajian novel, inggih menika: 1. Ngandharaken wujud konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 2. Ngandharaken perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Ngandharaken sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu.

F. Paedahing Panaliten

Panaliten menika katindakaken kanthi pangajab saged maedahi kangge panaliti menapadene masarakat pamaos. 1. Paedah teoritis Panaliten menika saged dados sarana kangge ngembangaken panaliten salajengipun kanthi pendekatan sosiologi sastra, mliginipun panaliten ngengingi wujud konflik sosial, perkawis-perkawis ingkang njalari wontenipun konflik sosial, sarta sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing salebeting novel. 2. Paedah praktis Panaliten menika saged kangge mbiyantu para pamaos supados langkung mangertos wosing novel Jawi kanthi pendekatan sosiologi sastra, saha saged mindhakaken kawigatosanipun para pamaos kangge paring apresiasi sastra.

G. Pangertosan

1. Lelakon Lelakon menika gadhah teges solah tingkah utawi tindakan ingkang dipunlampahi kangge nggayuh ancasing gesang dhiri pribadi wonten ing gesang padintenan. 2. Paragatama Wonten ing kajian menika paraga ateges satunggaling tiyang utawi tokoh ingkang nindakaken peran trep kaliyan ingkang dipuncariyosaken. Wonten ing salebeting karya sastra, paraga menapadene paragatama dados unsur ingkang wigati kangge lampahing cariyos. Mligi pangertosan paragatama menika tokoh ingkang langkung asring medal wonten ing cariyos. 3. Nyalawadi Tembung nyalawadi menika ateges bab ingkang boten bares, wonten perkawis ingkang dados wadi. Wonten ing panaliten menika pangertosan nyalawadi dipungayutaken kaliyan wontenipun konflik sosial ingkang kadadosan ing salebeting novel. 4. Novel Kadurakan ing Kidul Dringu Novel kanthi irah-irahan Kadurakan ing Kidul Dringu menika anggitanipun Suparto Brata. Novel kanthi kandel 192 kaca menika kawedalaken dening penerbit Narasi Yogyakarta ing taun 2012. Novel kanthi tema perjuwangan menika dipunsebat wiracarita, amargi wosipun nyariyosaken bab kasatriyan. Novel menika ugi dipunrengga cariyos bab katresnan ingkang nyalawadi, satemah ndadosaken novel saya ngresepaken. ------------------------------------------------------ 8

BAB II GEGARAN TEORI