Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

C. Caranipun Ngempalaken Data

Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Teknik menika nedahaken panaliti maos sumber data kanthi premati, kanthi nggatosaken peranganing sumber data ingkang jumbuh kaliyan ancasing panaliten. Salajengipun, perangan ingkang jumbuh menika dipunsukani tandha supados gampil menawi dipunpantha-pantha. Perangan menika minangka data lajeng dipunserat wonten ing kertu analisis data. Wonten ing panaliten menika panaliti ugi kedah nindakaken sawetawis tindakan kangge ngempalaken data, inggih menika kanthi cara: 1. Maos novel ingkang dados sumber data inggih menika novel Kadurakan ing Kidul Dringu, kangge madosi data ingkang jumbuh kaliyan wosing panaliten. 2. Data ingkang awujud narasi, menapadene pacelathon ingkang wonten ing salebeting novel menika dipunsukani tandha tartamtu kangge mbedakaken jinising data, ingkang kaperang dados tiga inggih menika wujud konflik sosial, perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial, sarta sikapipun paragatama nalika nglampahi konflik sosial wonten ing salebeting novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Salajengipun, data menika dipunserat wonten ing kertu analisis data.

D. Pirantining Panaliten

Wonten ing panaliten menika, panaliti minangka instrumen utama tumindak madosi data ingkang mujudaken bab wujud konflik sosial, perkawis- perkawis ingkang njalari konflik sosial, sarta sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial. Pramila nalika nliti novel, panaliti kedah dipunbiyantu migunakaken piranti inggih menika kertu analisis data. Wujudipun kertu data inggih menika: 1. Kertu analisis data wujud konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu No. Data Wujud konflik Paraga Indikator Kaca 1. Perdebatan Wimbadi kaliyan Dulmanan Sala akeh arek ayu, ya?” “Embuh, ya. Kocape lèk Putri Solo iku ayu-ayu, Dul. Tapi nyatane saprene aku esih tetep mbujang aè ngene. Apaa sè pena takon arek ayu? Duwe dhadhakan, tah, ndhuk Sala?” pitakonku sok-sok ya katut nganggo basa Suroboyoan. “Ya margane aku arek lanang Wim, mangkane takon arek ayu. Arek lanang diwasa lak dikodratna mekir arek ayu- a,” ujare. “Naraindras iku rak ayu, lèk köen tèlèk are k ayu,” ujarku. ............................................................. “Naraindras? Iya, dheweke ancènè ayu, Wim. Tapine aku kok aluwung sitokè” 22 Gambar 1. Wujud kertu analisis data wujud konflik sosial 2. Kertu analisis data perkawis ingkang njalari konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu No. Data Wujud konflik Perkawis ingkang Njalari Indikator Kaca 1. Perdebatan Beda pamanggih Sala akeh arek ayu, ya?” “Embuh, ya. Kocape lèk Putri Solo iku ayu-ayu, Dul. Tapi nyatane saprene aku esih tetep mbujang aè ngene. Apaa sè pena takon arek ayu? Duwe dhadhakan, tah, ndhuk Sala?” pitakonku sok-sok ya katut nganggo basa Suroboyoan. “Ya margane aku arek lanang Wim, mangkane takon arek ayu. Arek lanang diwasa lak dikodratna mekir arek ayu- a,” ujare. “Naraindras iku rak ayu, lèk köen tèlèk arek ayu,” ujarku. ........................................................... “Naraindras? Iya, dheweke ancènè ayu, Wim. Tapine aku kok aluwung sitokè” 22 Gambar 2. Wujud kertu analisis data perkawis ingkang njalari konflik sosial 3. Kertu analisis data sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu No. Data Wujud konflik Paraga Indikator Kaca 1. Perdebatan Wimbadi kaliyan Dulmanan Sala akeh arek ayu, ya?” “Embuh, ya. Kocape lèk Putri Solo iku ayu-ayu, Dul. Tapi nyatane saprene aku esih tetep mbujang aè ngene. Apaa sè pena takon arek ayu? Duwe dhadhakan, tah, ndhuk Sala?” pitakonku sok-sok ya katut nganggo basa Suroboyoan. “Ya margane aku arek lanang Wim, mangkane takon arek ayu. Arek lanang diwasa lak dikodratna mekir arek ayu- a,” ujare. “Naraindras iku rak ayu, lèk köen tèlèk arek ayu,” ujarku. ............................................................. “Naraindras? Iya, dheweke ancènè ayu, Wim. Tapine aku kok aluwung sitokè” 22 Gambar 3. Sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial E. Caranipun Nganalisis Data Analisis data dhasaripun inggih menika proses pemaknaan, tegesipun wonten ing analisis menika panaliti kedah ngrembag langkung lebet asiling panaliten jumbuh kaliyan teori ingkang dipunginakaken. Caranipun analisis data ingkang dipunginakaken gumantung perspektif ingkang dipunpilih, sarta teori ingkang dipunginakaken Endraswara, 2011: 111. Caranipun nganalisis data wonten ing panaliten menika kanthi cara deskriptif migunakaken pendekatan sosiologi sastra. Tata caranipun analisis inggih menika: 1. Terapan teori Teori ingkang wonten ing referensi dipuncakaken kangge manggihaken data ingkang badhe dipunkempalaken.. 2. Kategorisasi Data ingkang sampun dipunkempalaken kapantha-pantha miturut ancas panaliten inggih menika madosi wujud konflik sosial, perkawis-perkawis ingkang njalari konflik sosial, sarta sikapipun paragatama nalika ngadhepi konflik sosial wonten ing salebeting novel Kadurakan ing Kidul Dringu. 3. Tabulasi utawi penabelan data Data ingkang dipunkempalaken lajeng dipunserat wonten ing kertu analisis data ingkang awujud tabel. 4. Analisis data Data ingkang sampun kaserat ing kertu data lajeng dipunanalisis kanthi cara deskriptif. 5. Inferensi Inferensi inggih menika mendhet dudutan saking asiling analisis.

F. Caranipun Ngesahaken Data