Tuding-tinuding Srengen dhateng tiyang sanes

bab kepatriotan dening Narwata, ingkang boten saged ngudhari ruwetipun pirembagan.

d. Tuding-tinuding

Tuding-tinuding menika salah satunggaling tindakan nuding dhateng tiyang sanes kangge nindakaken paken. Bab menika saged katindakaken amargi tiyang ingkang nuding menika boten sagah utawi boten saged tanggel jawab nampi paken lajeng nuding tiyang sanes kangge nindakaken paken menika. Wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu, paragatama ugi dipuncariyosaken nate ngalami tuding-tinuding wonten ing sawijining perdebatan, inggih menika antawisipun Wimbadi kaliyan Basuki. Pethikan novelipun mekaten: “Sapa wani mbungkem? Sapa wani mateni? Mateni ateges nylametake wong samene saka lara edan” ujare Ananta. “Wimbadi kon nembak wae, nganggo pistule iku” usule Basuki. “Edan apa?” wangsulanku. “Enyoh iki pistulku. Tembaken dhewe yen kowe wani” Pistul dakbuwang ing tengah pasamuwan. kaca 104 Wonten ing sawijining perdebatan Basuki nuduhi Wimbadi supados nembak Dulmanan migunakaken pistul gadhahanipun, nanging Wimbadi wangsul nuduh Basuki sarwa masrahaken pistulipun wonten satengahing pasamuwan. Kekalihipun sami tuding-tinuding amargi boten sagah nampi paken, boten kumawani mejahi Dulmanan kanthi cara nembak. Tiyang gesang menika kedah gadhah raos tanggel jawab, menawi piyambakipun boten purun katuduh kedahipun ugi boten perlu nuduh tiyang sanes.

e. Srengen dhateng tiyang sanes

Srengen menika wujud saking raos boten remen dhateng tiyang sanes ingkang saged katuduhaken kanthi tetembungan menapadene tindakan. Srengen dhateng tiyang sanes wonten ing sesrawungan, saged njalari wontenipun konflik sosial. Saking asiling panaliten tumrap novel Kadurakan ing Kidul Dringu, kapanggihaken bilih wonten konflik sosial awujud padudon saha penggertakan ingkang gegayutan kaliyan tumindakipun paragatama sarta dipunsebabaken amargi srengen dhateng tiyang sanes. Ingkang sepisan konflik padudon antawisipun Wimbadi kaliyan Ananta, kados wonten ing pethikan novel menika: “Wim Kowe ki priye, ta? Tujune wae bakoh olehku nggujengi. Andhuka rak ngglun dhung” pambengoke Ananta nesoni aku, marga anggonku nyekeli tandhu mrucut. “Ssstt Aja seru-seru Awake dhewe iki ora adoh saka dalan gedhe” ana kanca sing nyaru. “La wong Wimbadi, kaya wong kaliren ngono nggone ngangkat” Ananta tetep srengen. kaca 66 Wonten ing perkawis menika Ananta srengen dhateng Wimbadi amargi piyambakipun boten leres anggenipun nyepengi tandhu kangge Dulmanan. Piyambakipun ngetingalaken raos anggenipun srengen kanthi nyuwara mbengok, sanajan sampun kaelingaken dening kanca sanesipun Ananta tetep srengen dhateng Wimbadi. Beda malih nalika wonten ing konflik padudon ingkang katindakaken dening kanca pemudha pejuwang kalebet Wimbadi dhateng Kusman. Kados ingkang dipuncariyosaken wonten ing pethikan novel menika: “Dul wiwit sambat-sambat maneh Keprungu ka ngisor wit kluwih kana.” Klonthang Ananta mbuwang enthong sing arep dienggo njupuk sega. Ora ana sing alok liya. Kabeh meneng.Kusman lungguh karo nerusake kandhane, “Daktiliki nyang langgar, dheweke pancen wis sambat-sambat maneh . Dasiyun karo arek wedok kae wis iwut ngompres bathuke Dul.” “Kena apa ndadak koktiliki barang? Lan kena apa kokcritakake barang?” sentake Narwata nepsu banget. “Ora ngenak-enaki wong mangan wae.” ........................................................................................................................ Wetengku ya terus krasa muneg-muneg. Aku mlayu metu terus blokekan mutah-mutah, marga kelingan ambune langgar. ... “Ngapura,” ujarku njaluk ngapura. Kanca-kanca ora ngrewes. Nalika kanca pemudha pejuwang sami kempal kangge nedha sesarengan kalebet ugi Wimbadi, dumadakan dumugi Kusman ingkang celathu bab ingkang damel boten sekeca, sarta ndadosaken srengen Narwata. Bab menika dipunsekseni Wimbadi lan sanesipun, ugi ndadosaken Wimbadi ninggalaken papan nedha amargi badhe mutah. Wimbadi ingkang rumaos boten sekeca kaliyan kanca sanesipun lajeng nyuwun pangapunten amargi tumindakipun, mbokbilih ndadosaken kanca sanes ugi srengen dhateng piyambakipun, nanging kanca-kanca menika boten ngrewes.

f. Raos penasaran