Paraga wonten ing Novel

saking sikapipun paraga dhateng lingkungan sosial ngengingi satunggaling perkawis. 3 Konflik alamiah, inggih menika konflik antawisipun manungsa kaliyan alam. Konflik menika tuwuh nalika paraga boten saged nguwaosi utawi mbudidaya alam sekitar kados samesthinipun. Panaliten ingkang katindakaken menika ngadharaken lelampahanipun paragatama wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu ingkang gegayutan kaliyan perkawis sosial, ateges miturut katrangan ing nginggil ingkang dipunandharaken kalebet dhateng konflik sosial. Konflik ingkang dipunalami dening para paraga wonten ing novel menika ewuh sanget, amargi paraga, mliginipun paragatama menika ngalami konflik kaliyan tiyang sanes kejawi ing bab gesang bebrayan ing antawisipun kelompok pemudha ingkang dados pejuwang, ugi kaliyan warga kampung pangungsen.

C. Paraga wonten ing Novel

Wosing cariyos boten saged uwal saking unsur pambangunipun. Mekaten ugi novel, unsur pambangunipun kadosta plot, tema, penokohan, saha latar, ingkang umumipun langkung kompleks saha rinci tinimbang unsur cariyos sanes Nurgiyantoro, 2007. Saking katrangan menika cetha bilih gegayutan antawisipun unsur setunggal kaliyan sanesipun wonten ing novel kasusun kanthi laras dados satunggaling cariyos. Salah satunggaling unsur ingkang wigati wonten ing novel inggih menika paraga utawi penokohanipun. Wigatinipun amargi paraga menika minangka lakon ingkang nindakaken lelampahan wonten ing cariyos. Dene miturut Fananie 2000: 86 paraga-paraga wonten ing novel boten namung nindakaken lampahing cariyos, nanging ugi gadhah peran kangge mahyakaken ide, motif, plot, saha tema saking cariyos. Penokohan inggih menika gambaranipun paraga ingkang dipuncariyosaken. Paraga-paraga wonten ing novel dipungambaraken saged kanthi langsung utawi boten langsung saking perangan ciri-ciri fisik, sipat, tindak tanduk, menapadene hubungan kaliyan paraga sanes. Miturut Nurgiyantoro 2007:13 para paraga wonten ing novel menika saged dipungambaraken kanthi cara langsung menapadene boten langsung. Gegambaran langsung biasanipun dipunkatingalaken secara tersurat wonten ing narasi utawi ing pacelathonipun para paraga. Dene gegambaran ingkang boten langsung menika biasanipun katitik saking wontenipun tandha-tandha menapadene saking tumindakipun paraga manut konteks cariyos menika. Paraga wonten ing novel menika kaperang dados kalih jinis, inggih menika paragatama pelaku utama kaliyan paraga tambahan pelaku sampingan. Paragatama inggih menika paraga ingkang langkung asring dipuncariyosaken, sarta nemahi konflik utawi perkawis ingkang utama wonten ing cariyos. Dene paraga tambahan sanajan langkung sekedhik lakonipun, nanging boten kalah wigati kaliyan paragatama, awit paragatama tetep mbetahaken paraga tambahan ingkang ndadosaken alur cariyos langkung nengsemaken, kejawi menika paraga tambahan ugi dipunbetahaken nalika paragatama ngadhepi perkawis wonten ing cariyos. Adhedhasar pangertosan menika, sae paragatama menapadene paraga tambahan dipunbetahaken wonten ing cariyos kanthi peranipun piyambak- piyambak kangge mbangun satunggaling cariyos ingkang wetah.

D. Panaliten ingkang Jumbuh