Raos boten tega Raos pakewuh

Konflik ingkang tuwuh inggih menika penolakan dening ingkang dipuntindakaken Kingkinarti dhateng Wimbadi. Kingkinarti wani nulak pikajengipun Wimbadi ingkang tresna dhateng piyambakipun. Saking cariyos ing nginggil ugi kanthi tatag Kingkinarti mangsuli kanthi blaka “Jangan main sama aku. Aku ada yang punya ”, ingkang ngetingalaken raos kasetyanipun dhateng tiyang ingkang sampun langkung rumiyin nggadhahi Kingkinarti.

h. Raos boten tega

Minangka makhluk sosial ingkang tansah sesambetan kaliyan tiyang sanes, tiyang gesang menika kedah gadhah raos welas asih kangge njagi sesambetan ingkang sae. Tiyang ingkang gadhah raos welas asih boten badhe negakaken tiyang sanes nemahi susah sarta cilaka. Wontenipun sesambetan tiyang jaler lan estri ingkang tansah tresna ugi saged nuwuhaken raos welas asih utawi boten tega antawis kekalihipun. Mekaten ugi ingkang katindakaken dening paragatama Wimbadi dhateng paraga Kingkinarti wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. Bab menika katingal nalika kekalihipun nemahi konflik penolakan, kados wonten ing pethikan novel ngandhap menika: “Kene, Mas, dakganti,” ujare marang aku. “Aja Aja kowe. Abot iki. Ngusapana kringete Dul wae. Ben wong lanang sing ngganti aku.” “Abot ya ben, dakcobane,” karepe Kingkin arep nekat. “Muspra, Dhik. Ora wurung baumu mengko sengkleh. Lan Dul ora bisa kepenak,” ujarku. kaca 83 Nalika Wimbadi ngayahi tugas kangge njagi Dulmanan lajeng dumugi Kingkinarti ingkang gadhah kekarepan kangge nggentosi ayahanipun Wimbadi, nanging Wimbadi nulak Kingkinarti menawi piyambakipun nggentosi ayahan kangge njagi Dulmanan. Wimbadi minangka tiyang jaler, menapa malih piyambakipun ugi gadhah raos tresna dhateng Kingkinarti, boten badhe negakaken Kingkinarti dados susah menawi kedah ngayahi tugas ingkang awrat. Sanajan Wimbadi nulak pikajengipun Kingkinarti kangge nindakaken ayahan ingkang awrat, nanging Wimbadi ugi taksih tansah ngurmati Kingkinarti sarta sedyanipun kangge mbiyantu, kanthi paring ayahan sanes ingkang langkung entheng.

i. Raos pakewuh

Raos pakewuh inggih menika satunggaling raos boten sekeca dhateng tiyang sanes amargi perkawis tartamtu. Ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu, wonten satunggaling perkawis ingkang dipunalami dening paragatama amargi tuwuhipun raos boten sekeca utawi pakewuh, ingkang katingal saking pethikanipun novel mekaten: “Dakkancani, ya, Mas. Bèn ora ijen. Ora kesepen lan nemu kanca.” “Mengko yen konangan wong kampung priye? Kene kampung santri, lo” “La ya wis bèn, wong ora apa-apa wè, kok. Yen diterka sir-siran ya ora papa, ta, wong mung sir- siran.” “Kampung kene keras ki, adate prekara sesrawungane jalu lan wanita,” kandhaku tetep njaga kabecikane tata-cara masyarakat kidul Dringu kono. “Adat kene pancen ngono. Nanging aku lan panjenengan wong kutha sing wis kadhidhik sesrawungan bebas, rak iya kudu p adha maklum.” kaca 129 Dipuncariyosaken Wimbadi, minangka paragatama menika nalika saweg lenggahan dipundugeni Naraindras ingkang gadhah kekarepan badhe ngancani Wimbadi supados boten kasepen, nanging bab menika nuwuhaken konflik penolakan. Naraindras dipuntolak dening Wimbadi kanthi alesan rumaos boten sekeca kaliyan warga kampung, amargi kampun menika kalebet kampung santri. Sanajan sampun dipunparingi pitedah dening Wimbadi, Naraindras tetep ngeyel. Tiyang kados Naraindras menika ingkang boten gadhah raos pakewuh. Tiyang gesang menika kedah gadhah raos pakewuh, amargi anggenipun gesang menika mbetahaken sesambetan kaliyan tiyang sanes wonten ing gesang sesrawungan. Pramila menawi mapan wonten satengahing masarakat menika kedah mangertos pranatan utawi tata-caranipun gesang masarakat menika.

j. Raos kadheseg