Konflik Sosial wonten ing Novel

sosial ingkang wonten ing salebeting novel Kadurakan ing Kidul Dringu, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan paragatama.

B. Konflik Sosial wonten ing Novel

Novel inggih menika karya sastra fiksi ingkang awujud prosa ingkang kaandharaken wonten ing cariyos. Jassin lumantar Nurgiyantoro, 2007:16 ngandharaken pangertosan novel ingkang dipunwatesi minangka cariyos ingkang nggambaraken donyaning manungsa sarta lingkunganipun, langkung kathah nggambaraken sawetawis wekdal saking gesangipun tiyang ateges langkung ngengingi satunggaling episode. Saking andharan menika saged dipunmangertosi bilih sajatosipun novel menika raket sanget kaliyan gesanging manungsa wonten ing masarakat amargi wonten ing novel dipuncariyosaken bab pagesanganing manungsa wonten ing satunggaling wekdal saha kahanan. Novel menika nggambaraken satunggaling prastawa ingkang kedadosan wonten ing masarakat, ingkang dipuntindakaken dening para paraga. Novel nyariyosaken paraga-paraga sarta tumindakipun kanthi cara fiktif, ateges menapa ingkang dipuncariyosaken namung rekaan ide damelanipun panganggit dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan ingkang wonten ing gesang padintenan. Kados ingkang dipunsebataken dening Sayuti 2000: 11 bilih novel menika saged mahyakaken cariyos ingkang langkung panjang ngengingi panggenan ruang tartamtu. Pramila kalenggahanipun manungsa ing satengahing masarakat dados perkawis pokok ingkang narik kawigatosanipun para panganggit novel novelis. Wonten ing novel tamtu ngemot sawijining perkawis ingkang kaangkat dening panganggit minangka wosing cariyos. Perkawis ingkang asring dipunsebat konflik menika dados unsur ingkang wigati kangge mbangun cariyos wonten ing novel saha ndadosaken perkawis ingkang wonten saya mindhak saha tumuju dhateng pucuking cariyos utawi klimaks. Wontenipun konflik ugi ndadosaken daya tarik para pamaos kangge mangertos wosing novel. Miturut Nurgiyantoro 2007: 122 konflik menika wonten ing pagesangan nyata langkung condhong dhateng konotasi negatif, sawijining bab ingkang boten ngremenaken. Saking pangertosan menika saged dipunmangertos bilih konflik utawi perkawis ingkang kedadosan wonten ing gesang nyata menika sipatipun boten ngremenaken satemah manungsa ing gesangipun boten ngarepaken wontenipun konflik. Bab menika beda kaliyan konflik ingkang kedadosan wonten ing salebeting novel, paraga ingkang ngalami konflik menika tumindak manut dhateng panganggit ingkang ngripta saha nemtokaken lampahaning cariyos. Konflik minangka wujud saking wontenipun prastawa kaperang dados kalih kategori inggih menika konflik fisik saha konflik batin, konflik eksternal saha konflik internal Nurgiyantoro, 2007:124. Konflik eksternal piyambak gadhah pangertosan minangka konflik ingkang tuwuh ing antawisipun paraga kaliyan lingkunganipun, kalebet lingkungan masarakat. Wonten satunggaling konflik ingkang asring kedadosan ing lingkungan masarakat inggih menika konflik sosial ingkang kalebet konflik eksternal. Pangertosan saking konflik sosial miturut Nurgiyantoro 2007:124 inggih menika konflik ingkang tuwuh amargi wontenipun kontak sosial antaraning manungsa, utawi perkawis-perkawis ingkang dipunsebabaken wontenipun sesambetan antaraning manungsa. Saben manungsa menika gadhah kalih peranan minangka individu saha minangka makhluk sosial. Minangka individu manungsa menika gadhah watek ingkang beda antawisipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun, caranipun tiyang menika ngadhepi perkawis ugi beda. Minangka makhluk sosial, manungsa katuntut kedah saged gesang srawung kaliyan tiyang sanes wonten ing masarakat, nanging wonten ing bab menika tasih angel katindakaken, amargi manungsa menika taksih nengenaken dhiri pribadinipun. Bab menika saged nuwuhaken perkawis utawi konflik amargi minangka dhiri pribadi gadhah ancas ingkang beda kaliyan tiyang sanes lajeng saged nindakaken menapa kemawon kangge nggayuh ancas gesangipun, kalebet nglawan menapadene nyingkiraken tiyang sanes. Dene wujudipun konflik menika warni-warni, kadosta padudon, pameksan, pergunjingan, ancaman, adu fisik, ngantos merjaya tiyang sanes. Sedaya konflik ingkang wonten ing salebeting cariyos tamtu ugi sumberipun saking pagesangan nyata. Bab menika ingkang ndadosaken pamaos saged mlebet sarta keli wonten ing aluring cariyos. Konflik wonten ing cariyos saged dipunbedakaken dados 3 jenis Sayuti, 2000: 42, inggih menika: 1 Konflik kejiwaan, inggih menika konflik ingkang wonten ing dhiri pribadi satunggaling paraga. Wonten ing konflik menika paraga ngusahakaken kangge nglawan dhirinipun piyambak satemah saged ngadhepi sarta nemtokaken menapa ingkang badhe katindakaken. 2 Konflik sosial, inggih menika konflik antawisipun tiyang-tiyang utawi satunggal tiyang kaliyan masarakat. Konflik menika biasanipun awujud konflik paraga, gegayutanipun kaliyan perkawis-perkawis sosial. Konflik sosial tuwuh saking sikapipun paraga dhateng lingkungan sosial ngengingi satunggaling perkawis. 3 Konflik alamiah, inggih menika konflik antawisipun manungsa kaliyan alam. Konflik menika tuwuh nalika paraga boten saged nguwaosi utawi mbudidaya alam sekitar kados samesthinipun. Panaliten ingkang katindakaken menika ngadharaken lelampahanipun paragatama wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu ingkang gegayutan kaliyan perkawis sosial, ateges miturut katrangan ing nginggil ingkang dipunandharaken kalebet dhateng konflik sosial. Konflik ingkang dipunalami dening para paraga wonten ing novel menika ewuh sanget, amargi paraga, mliginipun paragatama menika ngalami konflik kaliyan tiyang sanes kejawi ing bab gesang bebrayan ing antawisipun kelompok pemudha ingkang dados pejuwang, ugi kaliyan warga kampung pangungsen.

C. Paraga wonten ing Novel