menika ndadosaken tuwuhipun raos penasaran tumrap Wimbadi ingkang lajeng duga-duga menapa ingkang dipunmangertosi dening Basuki ngengingi
tumindakipun Wimbadi. Saking raos penasaran sarta duga-duga, piyambakipun ingkang boten sabar ngentosi wangsulanipun Basuki, lajeng dumadakan tumindak
tanpa sadhar ngoyong-oyong gulunipun Wimbadi. Sikap ingkang boten sabaran menika sajatosipun kirang prayogi, menapa malih menawi ngadhepi satunggaling
perkawis, sikap menika saged nyurung emosi dhateng pikiran ingkang tanpa sadhar, satemah ingkang lajeng katindakaken ugi tanpa dipunpenggalih.
d. Sindiran
Konflik sindiran menika dipuntindakaken dening Kingkinarti dhateng Wimbadi amargi rumaos cemburu dhateng sesambetanipun Wimbadi kaliyan
Naraindras. Kanthi sindiran menika Kingkinarti saged nuduhaken raos bilih piyambakipun tresna dhateng Wimbadi tanpa matur ingkang blaka, namung
kanthi tetembungan ingkang boten ngadharaken kahanan sanyatanipun. Wimbadi ingkang mangertos sindiran menika minangka sasmita saking Kingkinarti,
sikapipun lajeng rumaos isin. Wimbadi ingkang nyimpen raos tresna dhateng Kingkinarti rumaos isin amargi tumindakipun ingkang tansah caket kaliyan
Naraindras sampun damel Kingkinarti cemburu, sarta nengeri bilih Kingkinarti ugi nyimpen raos tresna dhateng piyambakipun.
e. Penolakan
Penolakan dados salah satunggaling konflik ingkang dipunalami ugi dipuntindakaken dening paragatama wonten ing novel Kadurakan ing Kidul
Dringu. Paragatama Wimbadi nalika sesambetan kaliyan paraga Kingkinarti
ngalami penolakan, ugi nate nindakaken penolakan. Dene kaliyan paraga Naraindras, piyambakipun ingkang nindakaken penolakan. Anggenipun ngadhepi
sedaya konflik menika, paragatama gadhah sikap: 1
Wani nyobi guneman Sikapipun paragatama ingkang wani nyobi guneman menika nalika piyambakipun
ngadhepi konflik penolakan ingkang dipuntindakaken dening Kingkinarti. Wimbadi ingkang gadhah raos tresna dhateng Kingkinarti kumawani badhe
ngandharaken sedyanipun dhateng Kingkinarti, nanging amargi Kingkinarti sampun dados gadhahipun tiyang sanes lajeng nolak pikajengipun Wimbadi.
Limrahipun, tiyang ingkang sampun ngalami penolakan menika lajeng leren sarta boten gadhah kekarepan ingkang kumawani. Nanging beda kaliyan Wimbadi,
sanajan dipuntolak Wimbadi gadhah sikap ingkang wani nyobi ngajak Kingkinarti kangge guneman malih bab pikajengipun. Bab menika katindakaken Wimbadi
amargi raos tresnanipun, nanging awit kasetyanipun Kingkinarti dhateng tiyang sanes menika ugi damel Kingkinarti kanthi saestu nolak Wimbadi.
2 Boten marengaken Kingkinarti nggentosi ayahan
Boten namung ngalami penolakan, nanging Wimbadi ugi saged nindakaken penolakan dhateng paraga Kingkinarti. Wonten ing perkawis menika Kingkinarti
gadhah sedya kangge nggentosi ayahanipun Wimbadi njagi Dulmanan ingkang nandhang cilaka, nanging bab menika dipuntolak dening Wimbadi amargi
Wimbadi rumaos boten tega dhateng Kingkinarti. Kingkinarti ngalami penolakan menika tetep kepengin meksa mbiyantu ayahanipun Wimbadi, nanging Wimbadi
ugi tetep boten marengaken Kingkinarti nggentosi ayahanipun. Wimbadi sanajan
nolak nanging saged njagi anggenipun gadhah sikap welas asih dhateng wanita, pramila penolakan menika katuduhaken dening Wimbadi boten kanthi wantah,
piyambakipun tetep ngregani sedyanipun Kingkinarti kanthi nyuwun dhateng Kingkinarti supados mbiyantu Wimbadi ing pakaryan sanesipun.
3 Nyobi ngandhani
Sanesipun kaliyan paraga Kingkinarti, paragatama Wimbadi ugi nate nindakaken penolakan nalika sesambetan kaliyan paraga Naraindras. Piyambakipun nolak
dipunkancani dening Naraindras nalika lenggah ijen, nanging Naraindras tetep meksa kepengin ngancani. Wimbadi ngadhepi perkawis menika kanthi sikap
ingkang prasaja, sanajan ngemu pikajengan kangge nolak, piyambakipun kaliyan nyobi ngandhani Naraindras ngengingi tumindakipun ingkang kirang pantes.
Wimbadi tumindak mekaten amargi piyambakipun kedah njagi tatanan ingkang sampun kapatrapaken wonten ing kampung pengungsi, sarta supados boten dados
guneman tumrap tiyang sanes.
f. Penggertakan