Ringkesan Cariyos Lampahan Kresna Duta

Asiling panaliten manggihaken panganggening basa Krama Inggil saha Mudha Krama wonten ing upacara pasrah-tampi pinanganten ingkang dipuntindakaken dening pranatacara wonten ing Kecamatan Cipari, Kabupaten Cilacap sarta cara khas pocapanipun basa Jawi wonten ing tlatah Cilacap. Wonten ing panaliten menika, jinis undha usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dipundayani dening kawontenan, pasarta tuturan, sarta ancasipun tuturan. Panaliten sanes ngengingi undha usuk Basa Jawi ugi dipuntindakaken dening Damayanti ingkang asesirah “Pemakaian Tingkat Tutur Bahasa Jawa di Dukuh Keden, Desa Gumulan, Kecamatan Klaten Tengah, Kabupaten Klaten” rikala taun 2012. Wonten ing panaliten menika, ingkang dados sumberipun panaliten inggih menika masyarakat pangangge undha usuk Basa Jawi wonten ing Dukuh Keden. Panaliten menika ngrembag panganggening undha usuk Basa Jawi wonten ing Dukuh Keden. Ingkang kapanggihaken wonten ing panaliten menika inggih panganggening ragam basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, sarta krama Alus wonten ing Dukuh Keden, sarta bab ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Dukuh Keden inggih menika yuswa, status sosial, hubungan raket antawising panutur kaliyan mitra tuturipun. Sesambetan antawisipun panaliten ingkang katindakaken dening Astuti saha Damayanti kaliyan panaliten menika inggih sami-sami ngrembag babagan undha usuk basa Jawi, ananging panaliten ngengingi undha usuk Basa Jawi, mliginipun ingkang wonten ing serat pedhalangan dereng nate dipuntindakaken. Bab menika tamtu wigati dipuntliti ngengeti menawi panganggening undha usuk Basa Jawi wonten ing pewayangan kathah sanget sarta wonten tetembungan ingkang mligi dipunginakaken wonten ing pagelaran pewayangan.

D. Nalaring Pikir

Ewah-ewahaning jaman ingkang samsaya ngrembaka, njalari pangrembakaning pirantos komunikasi ingkang dipunginakaken. Pirantos komunikasi ingkang dumugi sakmenika taksih dipunuri-uri saha dipunlestantunaken dening masyarakat Jawi inggih menika basa Jawi, ingkang minangka basa ingkang dipunginakaken wonten ing padintenan. Basa Jawi ingkang dipunginakaken wonten ing padintenan, gadhah undha usuk basa ingkang dipunginakaken dening masyarakatipun nalika nindakaken pirembagan. Panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing jaman sakmenika namung dipungolongaken dados kalih jinis, inggih menika basa ngoko saha basa krama. Panganggening undha usuk basa wonten ing masyarakat Jawi kagolongaken adhedhasar tingkatan, yuswa, pedamelan, kasugihan, lan sanesipun. Panganggening jinis undha usuk basa Jawi wonten ing wekdal menika ancasipun namung kangge pakurmatan dhumateng mitra tuturipun kemawon. Wonten ing jaman rumiyin, jinisipun undha usuk basa Jawi menika kagolongaken dados tigang tingakatan, inggih menika ngoko, madya, saha krama. Ancasipun migunakaken undha usuk menika boten namung kangge pakurmatan kemawon, ananging ugi kangge nedahaken strata sosial ingkang beda. Jinis undha usuk ingkang dados tigang tingkatan wonten ing wekdal sakmenika namung dipunginakaken wonten ing pagelaran seni kemawon, kadosta ringgit wacucal.