sarta kawontenan ingkang beda ndadosaken
variasi
basa ingkang dipunginakaken dening panutur.
Partisipants
, pasarta tuturan, inggih menika tetiyang ingkang gegayutan wonten ing wawan ginem. Tiyang ingkang kalebet wonten ing komunikasi ugi
ndayani
proses
komunikasi ingkang saweg dipuntindakaken. Kawegigan panutur ugi nemtokaken pamilihing tetembungan. Bab ingkang gegayutan kaliyan
partisipants
, kadosta yuswa, pendidikan, latar sosial.
Ends
, kasil, inggih menika kasil utawi panyaruhipun saking gineman ingkang dipunangkah dening panutur
ends as outcomes
, lan ancas pungkasan saking gineman menika
ends in views goals
. Saben panutur gadhah kekajengan anggenipun micanten menika angsal panyaruh ingkang jumbuh kaliyan ancasipun
tuturan.
Act sequences
, amanat, kasusun saking wujud pesen
message form
lan wosing pesen
message content
. Wujud lan wosipun pesen minangka
komponen
ingkang pokok wonten ing sawijining undha usuk basa.
Key,
nglingkupi cara, unggah ungguh wonten ing pirembagan. Gregeting pirembagan kadosta, sante, akrab.
Instrumentalities
utawi pirantos, inggih menika pirantining pirembagan. Tegesipun, kanthi media punapa pirembagan kasebut, kadosta, lisan, kaserat,
layang, radio.
Norms
utawi norma, ngrujuk dhateng norma utawi paugeran ingkang matesi pirembagan, kadosta, punapa ingkang kedah dipunngendikakaken, kados
pundi cara ngendikakaken, alus menapa kasar.
Genres
utawi jinis, inggih menika jinis utawi wujudipun wacana. Bab menika langsung ngrujuk dhateng jinisipun wacana ingkang dipunandharaken,
kadosta, wacana telpon, wacana koran, wacana geguritan Hymes, 1974: 54-62.
B. Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta
Serat saged dipunsebut minangka buku utawi kempalan saking teks. Wonten ing panaliten menika, ingkang dipunsebut serat inggih menika buku
ingkang wosipun cariyos wayang buku pakem pedhalangan. Pedhalangan asalipun saking tembung dhalang ingkang ateges tiyang ingkang maragakaken
wayang KBBI, 2001, dene ingkang dipunsebut pedhalangan inggih menika sedaya bab ingkang gegayutan kaliyan panuturan cariyos lan pagelaran wayang
KBBI, 2001. Saking andharan menika saged kapendhet dudutan bilih serat pedhalangan
inggih menika buku ingkang wosipun sedaya bab ngengingi pagelaran wayang. Pagelaran wayang saged awujud lampahan-lampahan pedhalangan ingkang saged
kadadosaken pandom kangge nindakaken pagelaran wayang.
1. Ringkesan Cariyos Lampahan Kresna Duta
Kacariosaken Prabu Matswapati ngawontenaken pasewakan wonten ing nagari Wiratha. Nganthi rawuhipun Prabu Drupada ingkang bibar ngayahi karya
minangka Duta pangawaking Pandhawa ingkang angka kalih saperlu ngudi wangsuling nagari Ngamarta sakwilayahipun saking Prabu Duryudana.
Rawuhipun Prabu Drupada saperlu ngaturaken menggah kerampunganipun anggen ngayahi karya minangka Duta ingkang angka kalih ingkang gagar wigar
tanpa karya amargi Prabu Duryudana tetep angekahi kamuktenipun.
Kanthi dhasar menika, Prabu Puntadewa lajeng ngangkat Duta ingkang pamungkas, amargi kekalih duta sami gagar wigar tanpa karya. Ingkang kapilih
dados Duta pangawaking Pandhawa inggih menika Prabu Kresna, ratu ing Dwarawati.
Kadherekaken dening Raden Setyaki sarta Jawata Catur, Prabu Kresna budhal tumuju dhateng nagari Ngastina. Dumugi wonten ing nagari Ngastina,
Prabu Duryudana kersa ngonduraken nagari Ngamarta saha Ngastina dhateng para Pandhawa sineksenan dening para pepundhen sarta Jawata Catur. Sakonduripun
para Jawata Catur, sarta saking panyuwunanipun Dewi Gandhari Prabu Duryudana njabel pangandikanipun kanthi tetep ngekahi kamuktenipun.
Kanthi cukengipun
Prabu Duryudana
ingkang tetep
ngekahi kamuktenipun, ateges Prabu Kresna ugi gagar wigar anggenipun dados Duta
pamungkas. Sasampunipun pasewakan wonten ing negari Ngastina, Prabu Kresna saha Dewi Kunthi nyeyuwun dhateng Adipati Karna supados kersa manunggal
kaliyan para Pandhawa, ananging Adipati Karna sampun kekeh badhe bela para Kurawa. Prabu Kresna lajeng bidhal tumuju negari Wiratha kadherekaken dening
Setyaki lan Dewi Kunthi. Gagar wigaring karya Duta ingkang pamungkas, ateges para Pandhawa boten kagungan srana sanesipun saperlu bangsulaken
kamuktenipun kejawi nindakaken Perang Suci Baratayudha.
C. Panaliten ingkang
Jumbuh
Panaliten ngengingi undha usuk basa Basa Jawi sampun katindakaken dening Astuti rikala taun 2006 asesirah “Tingkat Tutur Bahasa Jawa dalam
Upacara Pasrah- Tampi Pengantin di Kecamatan Cipari, Kabupaten Cilacap”.
Asiling panaliten manggihaken panganggening basa Krama Inggil saha Mudha Krama wonten ing upacara pasrah-tampi pinanganten ingkang dipuntindakaken
dening pranatacara wonten ing Kecamatan Cipari, Kabupaten Cilacap sarta cara khas pocapanipun basa Jawi wonten ing tlatah Cilacap. Wonten ing panaliten
menika, jinis undha usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dipundayani dening kawontenan, pasarta tuturan, sarta ancasipun tuturan.
Panaliten sanes ngengingi undha usuk Basa Jawi ugi dipuntindakaken dening Damayanti
ingkang asesirah “Pemakaian Tingkat Tutur Bahasa Jawa di Dukuh Keden, Desa Gumulan, Kecamatan Klaten Tengah, Kabupaten Klaten”
rikala taun 2012. Wonten ing panaliten menika, ingkang dados sumberipun panaliten inggih menika masyarakat pangangge undha usuk Basa Jawi wonten ing
Dukuh Keden. Panaliten menika ngrembag panganggening undha usuk Basa Jawi wonten ing Dukuh Keden. Ingkang kapanggihaken wonten ing panaliten menika
inggih panganggening ragam basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, sarta krama Alus wonten ing Dukuh Keden, sarta bab ingkang ndayani panganggening
undha usuk basa Jawi wonten ing Dukuh Keden inggih menika yuswa, status sosial,
hubungan
raket antawising panutur kaliyan mitra tuturipun. Sesambetan antawisipun panaliten ingkang katindakaken dening Astuti
saha Damayanti kaliyan panaliten menika inggih sami-sami ngrembag babagan undha usuk basa Jawi, ananging panaliten ngengingi undha usuk Basa Jawi,
mliginipun ingkang wonten ing serat pedhalangan dereng nate dipuntindakaken. Bab menika tamtu wigati dipuntliti ngengeti menawi panganggening undha usuk