Krama Inggil Undha Usuk

4 Robaja aku lan Panten kowe; tumrap para pujangga Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan, 1949: 79-80 Miturut Poedjasoedarmo, dkk 1979: 5, basa kedhaton namung dipunginakaken wonten ing salebeting keraton nalika wekdal lan dening tiyang tartamtu. Wonten ing wekdal sakmenika basa kedhaton namung dipunginakaken dening pemain kethoprak utawi para dhalang wayang kulit. Tuladha panganggening basa kedhaton: Dhadhap : “Kala wingi ing griya jengandika kados wenten tamu.” Waru : “Enggih, tamu adhi kula.” Dhadhap : “Lho, menika adhi ingkang pundi? Punapi jengandika meksih derb e adhi malih?” Waru : “ Puniku adhi kula in gkang angka tiga, griyane ing Sleman.” kapethik saking Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan, 1949: 81. Tuladha menika minangka tuturan basa kedhaton. Katingal saking panganggening tembung ‘jengandika’, ‘wenten’, ‘menika’, ‘punapi’, ‘meksih’, ‘derbe’ lan ‘puniku’ ingkang kalebet tembung-tembung basa kedhaton.

f. Krama Desa

Krama Desa sanes mujudaken wewilanging basa ingkang alus. Ingkang migunakaken namung priyantun wonten ing desa kemawon; limrahipun priyantun ingkang boten mangertos bab kasusatran. Wujudipun tembung wonten ingkang mirid saking basa Krama, liripun tembung krama ingkang dipunkramakaken malih, kanthi ngewahi swantenipun; wonten ingkang ngangge krama inggil utawi tembung kawi, wonten ingkang mirid saking kawontenan, sarta wonten ingkang gadhah teges piyambak. Krama desa awujud tembung-tembung krama kawuwuhan tembung- tembung krama desa Antunsuhono, 1956: 54. Wonten jinis krama desa ingkang minangka bentuk hiperkrama saking tembung-tembung ingkang kedahipun sampun krama. Tuladhanipun tembung-tembung wonten ing basa Krama Desa, inggih menika: nami = nama sepah = sepuh tebah = tebih santun = sasi Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan, 1949: 81 Tuladha panganggening basa krama desa: Mas Marta : “Lah ing desamu saiki lagi ungsum apa?” Sadrana : “Tiyang ketigen inggih sami nanem palawija, wenten dhekeman , janggel , kacang, tela pohung.” Mar Marta : “Apa wis padha panen?” Sadrana : “Dereng, udakawis kirang kalih santun malih. Semanten wae minanten taneman boten dipuntedhi ami . ” kapethik saking Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan, 1949: 83. Tuladha menika minangka tuturan krama desa ingkang dipunginakaken dening Sadrana. Tetengeripun migunakaken tembung ‘ketigen’, ‘dhekeman’, ‘santun’ lan sanesipun minangka tembung krama desa saking tembung ‘ketiga’, ‘dhangsul’, saha ‘sasi’.

g. Basa Kasar

Basa kasar menika basanipun tiyang ingkang saweg nepsu, kangge srengen, padu. Wujudipun tembung ngoko kawuwuhan tembung kasar limrahipun peranganing awak, jeneng kewan, lan sanesipun tumrap tiyang ingkang dipununen-uneni Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan