Krama desa awujud tembung-tembung krama kawuwuhan tembung- tembung krama desa Antunsuhono, 1956: 54. Wonten jinis krama desa ingkang
minangka bentuk
hiperkrama
saking tembung-tembung ingkang kedahipun sampun krama.
Tuladhanipun tembung-tembung wonten ing basa Krama Desa, inggih menika:
nami = nama sepah = sepuh
tebah = tebih santun = sasi
Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan, 1949: 81 Tuladha panganggening basa krama desa:
Mas Marta : “Lah ing desamu saiki lagi ungsum apa?”
Sadrana : “Tiyang
ketigen
inggih sami nanem palawija,
wenten dhekeman
,
janggel
, kacang, tela pohung.” Mar Marta
: “Apa wis padha panen?” Sadrana
: “Dereng, udakawis kirang kalih
santun
malih. Semanten wae
minanten
taneman boten
dipuntedhi ami
. ”
kapethik saking Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan, 1949: 83.
Tuladha menika minangka tuturan krama desa ingkang dipunginakaken dening Sadrana. Tetengeripun migunakaken tembung
‘ketigen’, ‘dhekeman’, ‘santun’ lan sanesipun minangka tembung krama desa saking tembung ‘ketiga’,
‘dhangsul’, saha ‘sasi’.
g. Basa Kasar
Basa kasar menika basanipun tiyang ingkang saweg nepsu, kangge srengen, padu. Wujudipun tembung ngoko kawuwuhan tembung kasar
limrahipun peranganing awak, jeneng kewan, lan sanesipun tumrap tiyang ingkang
dipununen-uneni Kementerian
Pengadjaran Pendidikan
dan
Keboedajaan, 1949: 83. Sajatosipun, tiyang srengen utawi padu menika boten kedah ngangge tembung kasar, cekap ngangge tembung ingkang limrah
kemawon, ananging tumrap tiyang ingkang boten saged nyandhet hardanipun nepsu, pesthi kawedal tetembungan ingkang kasar.
Tuladha panganggening basa Kasar: Kang Sardi
: “Kowe gelem nurut kandhaku apa ora? Nek ora, becik
minggata
bae kana” Pardi
: “Iya kang, aku gelem nurut.” dening panyerat. Tuladha menika minangka tuturan basa kasar. Katitik saking tembung
‘minggata’ ingkang dipunginakaken Kang Sardi ingkang minangka tembung kasar saking tembung
‘lunga’ ngoko.
h. Basa Kadewatan
Jinisipun undha usuk basa Jawi, kejawi ingkang dipunginakaken wonten ing pagesangan saben dinten, ugi wonten jinis ingkang namung dipunginakaken
wonten ing pewayangan kemawon, limrahipun dipunsebut Basa kadewatan Nurhayati, 2009: 103. Titikanipun basa kadewatan inggih menika, ukaranipun
kasu sun saking tetembungan ngoko utawi krama kanthi tembung sesulih ‘kita’,
‘ulun’, sarta ‘pukulun’ Atmatjendana, 1958, saha Mudjanattistomo, 1977, lumantar Nurhayati, 2009: 103. Jinis undha usuk menika kaginakaken nalika
wonten pirembagan antawisipun dewa kaliyan dewa saha dewa kaliyan manungsa. Jinis undha usuk menika limrahipun kapanggihaken wonten ing adegan wonten
ing kahyangan, adegan pasewakan ingkang dipunrawuhi para dewa, bambangan ingkang dipunrawuhi dewa, sarta adegan wonten ing wana ingkang paraganipun
minangka panjalmanipun dewata. Tuladha panganggening undha usuk basa kadewatan: