Basa Kasar Undha Usuk

Prabu Kresna: “Ngaturaken gunging panuwun, pukulun , dene lampah kula sineksenan dening para Jawata.” Resi Naradha: “Mara Kresna undhuna dhisik kretamu, ayo rembugan ana ing dharatan, ngger Kresna.” kapethik saking Lampahan Kresna Duta. Tuladha tuturan kasebut migunakaken jinis undha usuk basa kadewatan. Prabu Kresna anggenipun ngendika migunakaken undha usuk basa kadewatan katingal saking panganggening tembung ‘pukulun’ minangka jinis tembung ingkang kalebet tembung wonten ing basa kadewatan. 4. Komponen Tutur Gegayutan kaliyan prekawis ingkang dipuntliti, dipunginakaken dhasaring panaliten ingkang ngandharaken bilih ujaran utterance utawi tuturan speech , wujudipun dipundayani dening saperangan bab. Hymes 1974: 53, ngrantam bab komponen tutur menika kanthi 16 perangan, inggih menika message form, message content, setting, scene, speaker sender, addressor, hearer reciever or audience, addressee, purpose-out comes, purpose-goal, key, channels, forms of speech, norms of interactions, norms of interpretatiton, sarta genres. Sedaya komponen tutur menika lajeng dipundadosaken 8 perangan ageng ingkang lajeng dipunsebut S-P-E-A-K-I-N-G , rantaman ingkang kadamel saperlu damel gampil anggenipun ngemut prinsip komponen tutur menika. Andharan ingkang jangkep ngengingi S-P-E-A-K-I-N-G , inggih menika. Setting and Scene , inggih menika latar saha swasana. Latar sipatipun langkung fisik, nglingkupi papan lan wekdal kadadeyanipun tuturan. Scene minangka latar psikis ingkang sipatipun gayut bab psikologis ingkang wonten ing kadadeyan tuturan. Tuturan ingkang dipuntindakaken wonten ing papan, wekdal, sarta kawontenan ingkang beda ndadosaken variasi basa ingkang dipunginakaken dening panutur. Partisipants , pasarta tuturan, inggih menika tetiyang ingkang gegayutan wonten ing wawan ginem. Tiyang ingkang kalebet wonten ing komunikasi ugi ndayani proses komunikasi ingkang saweg dipuntindakaken. Kawegigan panutur ugi nemtokaken pamilihing tetembungan. Bab ingkang gegayutan kaliyan partisipants , kadosta yuswa, pendidikan, latar sosial. Ends , kasil, inggih menika kasil utawi panyaruhipun saking gineman ingkang dipunangkah dening panutur ends as outcomes , lan ancas pungkasan saking gineman menika ends in views goals . Saben panutur gadhah kekajengan anggenipun micanten menika angsal panyaruh ingkang jumbuh kaliyan ancasipun tuturan. Act sequences , amanat, kasusun saking wujud pesen message form lan wosing pesen message content . Wujud lan wosipun pesen minangka komponen ingkang pokok wonten ing sawijining undha usuk basa. Key, nglingkupi cara, unggah ungguh wonten ing pirembagan. Gregeting pirembagan kadosta, sante, akrab. Instrumentalities utawi pirantos, inggih menika pirantining pirembagan. Tegesipun, kanthi media punapa pirembagan kasebut, kadosta, lisan, kaserat, layang, radio. Norms utawi norma, ngrujuk dhateng norma utawi paugeran ingkang matesi pirembagan, kadosta, punapa ingkang kedah dipunngendikakaken, kados pundi cara ngendikakaken, alus menapa kasar.