Tabel 1: Tuladha Kertu
Data
Nomer
Data
Lampiran 29
Indikator
Prabu Kresna
“
Eyang
,
keparenga ingkang wayah
nyambeti dhateng
pangandikanipun yayi aji
,
eyang
. ”
Prabu Matswapati
“Putu Prabu Kresna pun eyang lilani putu Prabu Kresna nedya ngrewangi madhangke reruwet iki.
” Jinis Undha Usuk
Mudha Krama Tetenger
Tembung Eyang, ingkang wayah, yayi aji kangge pakurmatan
Keparenga, pangandikanipun tembung krama inggil Mudha Krama = basanipun krama + tembung krama
inggil.
Prekawis ingkang ndayani
Raos kurmat dhateng tiyang enem dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Kawontenan
formal
resmi wonten ing pasewakan.
E. Cara Nganalisis
Data
Lampahipun nganalisis
data
ingkang katindakaken wonten ing panaliten inggih menika:
1. Panyerat damel
deskripsi
sedaya prekawis ingkang kapanggihaken wonten ing panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan
Lampahan Kresna Duta. Sedaya
data
ngengingi undha usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dening paraga, cirinipun undha usuk basa Jawi sarta prekawis
ingkang ndayani
panganggening undha
usuk basa
Jawi kasebut
dipunandharaken kanthi cetha. 2.
Data
dipunkaji kanthi migunakaken kajian sosiolinguistik, mliginipun
prinsip S-P-E-A-K-I-N-G
Hymes, 1974: 54-62.
Prinsip
menika dipunginakaken saperlu mangertosi saha nguji prekawis ingkang ndayani panganggening undha
usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta ingkang
dipunginakaken dening para paraga. Kanthi migunakaken
prinsip
menika kaangkah badhe dipunmangertosi babagan prekawis ingkang ndayani
panganggening undha usuk menika sampun leres menapa dereng unggah ungguh basa ingkang dipunginakaken.
Prinsip S-P-E-A-K-I-N-G
inggih menika rantaman saking
Setting and Scene-Partisipants-Ends-Act sequences-Key- Instrumentalities-Norms-Genres.
F. Cara Ngesahaken
Data
Cara anggenipun ngesahaken
data
panaliten menika minangka
validitas
saha
reliabilitas data
. Kegiyatan ingkang dipuntindakaken kangge nggayuh asiling panaliten ingkang
valid
, inggih menika kanthi cara maos, nggatosaken, saha nganalisis kanthi premati kanthi pandom ingkang sampun kaandharaken
wonten ing gegaran teori. Cara kangge ngesahaken
data
wonten ing panaliten menika migunakaken
validitas expert judgement
utawi lelimbangan ahli.
Validitas
menika dipunginakaken kangge mangertosi
data
adhedhasar kasunyatanipun, inggih menika pirembagan saking paraga-paraga pewayangan wonten ing Serat
Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Lelimbangan ahli minangka cara kangge nemtokaken
data
ingkang
valid. Validitas
lelimbangan ahli dipuntindakaken kanthi mriksakaken
data
-
data
asiling panaliten dhumateng dhalang ingkang sampun pana babagan undha usuk basa ingkang dipunginakaken wonten ing
pewayangan Jawi menapa dene dosen ingkang ahli babagan linguistik. Saking prekawis
reliabilitas
,
data
wonten ing panaliten menika dipunwaos saha dipunanalisis kanthi makaping-kaping, saengga angsal
data
ingkang tetep,