Keboedajaan, 1949: 83. Sajatosipun, tiyang srengen utawi padu menika boten kedah ngangge tembung kasar, cekap ngangge tembung ingkang limrah
kemawon, ananging tumrap tiyang ingkang boten saged nyandhet hardanipun nepsu, pesthi kawedal tetembungan ingkang kasar.
Tuladha panganggening basa Kasar: Kang Sardi
: “Kowe gelem nurut kandhaku apa ora? Nek ora, becik
minggata
bae kana” Pardi
: “Iya kang, aku gelem nurut.” dening panyerat. Tuladha menika minangka tuturan basa kasar. Katitik saking tembung
‘minggata’ ingkang dipunginakaken Kang Sardi ingkang minangka tembung kasar saking tembung
‘lunga’ ngoko.
h. Basa Kadewatan
Jinisipun undha usuk basa Jawi, kejawi ingkang dipunginakaken wonten ing pagesangan saben dinten, ugi wonten jinis ingkang namung dipunginakaken
wonten ing pewayangan kemawon, limrahipun dipunsebut Basa kadewatan Nurhayati, 2009: 103. Titikanipun basa kadewatan inggih menika, ukaranipun
kasu sun saking tetembungan ngoko utawi krama kanthi tembung sesulih ‘kita’,
‘ulun’, sarta ‘pukulun’ Atmatjendana, 1958, saha Mudjanattistomo, 1977, lumantar Nurhayati, 2009: 103. Jinis undha usuk menika kaginakaken nalika
wonten pirembagan antawisipun dewa kaliyan dewa saha dewa kaliyan manungsa. Jinis undha usuk menika limrahipun kapanggihaken wonten ing adegan wonten
ing kahyangan, adegan pasewakan ingkang dipunrawuhi para dewa, bambangan ingkang dipunrawuhi dewa, sarta adegan wonten ing wana ingkang paraganipun
minangka panjalmanipun dewata. Tuladha panganggening undha usuk basa kadewatan:
Prabu Kresna: “Ngaturaken gunging panuwun,
pukulun
, dene lampah kula sineksenan dening para Jawata.”
Resi Naradha: “Mara Kresna undhuna dhisik kretamu, ayo rembugan ana ing dharatan, ngger Kresna.”
kapethik saking Lampahan Kresna Duta. Tuladha tuturan kasebut migunakaken jinis undha usuk basa kadewatan.
Prabu Kresna anggenipun ngendika migunakaken undha usuk basa kadewatan katingal saking panganggening tembung ‘pukulun’ minangka jinis tembung
ingkang kalebet tembung wonten ing basa kadewatan.
4.
Komponen
Tutur
Gegayutan kaliyan prekawis ingkang dipuntliti, dipunginakaken dhasaring panaliten ingkang ngandharaken bilih
ujaran utterance
utawi tuturan
speech
, wujudipun dipundayani dening saperangan bab. Hymes 1974: 53, ngrantam bab
komponen
tutur menika kanthi 16 perangan, inggih menika
message form, message content, setting, scene, speaker sender, addressor, hearer reciever or
audience, addressee, purpose-out comes, purpose-goal, key, channels, forms of speech, norms of interactions, norms of interpretatiton,
sarta
genres.
Sedaya
komponen
tutur menika lajeng dipundadosaken 8 perangan ageng ingkang lajeng dipunsebut
S-P-E-A-K-I-N-G
, rantaman ingkang kadamel saperlu damel gampil anggenipun ngemut
prinsip komponen
tutur menika. Andharan ingkang jangkep ngengingi
S-P-E-A-K-I-N-G
, inggih menika.
Setting and Scene
, inggih menika latar saha swasana. Latar sipatipun langkung fisik, nglingkupi papan lan wekdal kadadeyanipun tuturan.
Scene
minangka latar
psikis
ingkang sipatipun gayut bab
psikologis
ingkang wonten ing kadadeyan tuturan. Tuturan ingkang dipuntindakaken wonten ing papan, wekdal,