Cara Ngempalaken Cara Nganalisis

dipunginakaken dening para paraga. Kanthi migunakaken prinsip menika kaangkah badhe dipunmangertosi babagan prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk menika sampun leres menapa dereng unggah ungguh basa ingkang dipunginakaken. Prinsip S-P-E-A-K-I-N-G inggih menika rantaman saking Setting and Scene-Partisipants-Ends-Act sequences-Key- Instrumentalities-Norms-Genres.

F. Cara Ngesahaken

Data Cara anggenipun ngesahaken data panaliten menika minangka validitas saha reliabilitas data . Kegiyatan ingkang dipuntindakaken kangge nggayuh asiling panaliten ingkang valid , inggih menika kanthi cara maos, nggatosaken, saha nganalisis kanthi premati kanthi pandom ingkang sampun kaandharaken wonten ing gegaran teori. Cara kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika migunakaken validitas expert judgement utawi lelimbangan ahli. Validitas menika dipunginakaken kangge mangertosi data adhedhasar kasunyatanipun, inggih menika pirembagan saking paraga-paraga pewayangan wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Lelimbangan ahli minangka cara kangge nemtokaken data ingkang valid. Validitas lelimbangan ahli dipuntindakaken kanthi mriksakaken data - data asiling panaliten dhumateng dhalang ingkang sampun pana babagan undha usuk basa ingkang dipunginakaken wonten ing pewayangan Jawi menapa dene dosen ingkang ahli babagan linguistik. Saking prekawis reliabilitas , data wonten ing panaliten menika dipunwaos saha dipunanalisis kanthi makaping-kaping, saengga angsal data ingkang tetep, prekawis menika dipuntindakaken dening panyerat piyambak. Asilipun data lajeng dipunkaji miturut wosing perkawis ingkang dipuntindakaken wonten ing panaliten. Panaliten saged dipunpungkasi menawi data ingkang dipunginakaken sampun saestu tetep, saengga sampun saged dipunanalisis wonten ing karya ilmiah. 41

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten Buku pakem pedhalangan Lampahan Kresna Duta minangka salah satunggaling buku pakem pedhalangan ingkang ngandhut maneka warni piwulang saha pituladhan kautaman. Panganggening basa wonten ing buku pakem pedhalangan Lampahan Kresna Duta menika ugi saged dipundadosaken pandom anggenipun migunakaken undha usuk basa wonten ing padintenan. Wonten ing panaliten menika panliti gadhah ancas ngandharaken panganggening undha usuk basa Jawi saha prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk wonten ing serat pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Awit saking menika asiling panaliten awujud deskripsi panganggening undha usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dening para paraga pewayangan wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Asiling panaliten kaperang dados kalih, inggih menika 1 panganggening jinis undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta, 2 prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta. Sedaya prekawis kasebut langkung jangkep kaandharaken wonten ing tabel.