Nalaring Pikir GEGARAN TEORI

36

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet jinising panaliten deskriptif . Panaliten deskriptif inggih menika panaliten ingkang dipuntindakaken adhedhasar kasunyatan wujud basa ingkang wonten ing masyarakat, saengga asilipun awujud perian basa ingkang sipatipun sampun limrah, kadosta potret, paparan kados dene kasunyatanipun Sudaryanto, 1988: 62. Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken jinisipun undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta, ugi ngandharaken prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. B. Data saha Sumber Data Panaliten Sumber data wonten ing panaliten menika minangka sumber seratan awujud buku pakem pedhalangan ingkang asesirah Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta kaserat dening Purwadi rikala taun 1992. Buku pakem pedhalangan menika migunakaken basa Jawi pedhalangan. Serat Pedhlangan Lampahan Kresna Duta menika wosipun wonten 169 kaca, kanthi 5 adegan janturan, 75 pratelan, 22 pocapan saha 2 cakepan. Data panalitenipun awujud ukara-ukara ingkang nedahaken wontenipun undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan kasebut. Wosipun seratan serat pedhalangan menika saged dipuntanggel jawabaken amargi sumberipun kapustakan ugi saking buku pakem pedhalangan sarta rekaman pewayangan.

C. Cara Ngempalaken

Data Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih teknik maos saha teknik nyathet. Teknik maos wonten ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara: 1 maos sumberipun data inggih menika Serat pedhalangan Lampahan Kresna Duta, 2 nyukani tandha wonten ing pacelathonipun para paraga wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta ingkang kalebet data panaliten, inggih menika panganggening jinis undha usuk basa saha prekawis ingkang ndayani, 3 teknik maos dipuntindakaken kanthi premati, saengga saged manggihaken data - data ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten menika. Sasampunipun teknik maos, salajengipun nindakaken teknik nyathet. Teknik nyathet katindakaken kanthi cara nyathet pocapanipun paraga wonten ing Lampahan Kresna Duta ingkang sampun dipunsukani tandha wonten ing kertu data . D. Pirantining Panaliten Pirantining panaliten inggih menika sedaya pirantos ingkang dipunginakaken kangge mendhet data . Pirantining panaliten ingkang pokok inggih menika panaliti piyambak human instrument . Pirantos ingkang dipunginakaken kangge biyantu mendhet data awujud kertu data ingkang dipunginakaken kangge nyatet jinisipun undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Wosipun kertu data inggih menika nomer data , indikator , jinis undha usuk, tetenger sarta prekawis ingkang ndayani. Salah satunggalipun tuladha wujud kertu data kados mekaten: Tabel 1: Tuladha Kertu Data Nomer Data Lampiran 29 Indikator Prabu Kresna “ Eyang , keparenga ingkang wayah nyambeti dhateng pangandikanipun yayi aji , eyang . ” Prabu Matswapati “Putu Prabu Kresna pun eyang lilani putu Prabu Kresna nedya ngrewangi madhangke reruwet iki. ” Jinis Undha Usuk Mudha Krama Tetenger Tembung Eyang, ingkang wayah, yayi aji kangge pakurmatan Keparenga, pangandikanipun tembung krama inggil Mudha Krama = basanipun krama + tembung krama inggil. Prekawis ingkang ndayani Raos kurmat dhateng tiyang enem dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Kawontenan formal resmi wonten ing pasewakan.

E. Cara Nganalisis

Data Lampahipun nganalisis data ingkang katindakaken wonten ing panaliten inggih menika: 1. Panyerat damel deskripsi sedaya prekawis ingkang kapanggihaken wonten ing panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Sedaya data ngengingi undha usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dening paraga, cirinipun undha usuk basa Jawi sarta prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi kasebut dipunandharaken kanthi cetha. 2. Data dipunkaji kanthi migunakaken kajian sosiolinguistik, mliginipun prinsip S-P-E-A-K-I-N-G Hymes, 1974: 54-62. Prinsip menika dipunginakaken saperlu mangertosi saha nguji prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta ingkang