Cara Ngesahaken CARA PANALITEN

41

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten Buku pakem pedhalangan Lampahan Kresna Duta minangka salah satunggaling buku pakem pedhalangan ingkang ngandhut maneka warni piwulang saha pituladhan kautaman. Panganggening basa wonten ing buku pakem pedhalangan Lampahan Kresna Duta menika ugi saged dipundadosaken pandom anggenipun migunakaken undha usuk basa wonten ing padintenan. Wonten ing panaliten menika panliti gadhah ancas ngandharaken panganggening undha usuk basa Jawi saha prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk wonten ing serat pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Awit saking menika asiling panaliten awujud deskripsi panganggening undha usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dening para paraga pewayangan wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Asiling panaliten kaperang dados kalih, inggih menika 1 panganggening jinis undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta, 2 prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta. Sedaya prekawis kasebut langkung jangkep kaandharaken wonten ing tabel. Tabel 2 : Jinisipun Undha Usuk saha Prekawis ingkang Ndayani Panganggening Undha Usuk Basa Jawi Wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta No. Jinis Undha Usuk Prekawis ingkang Ndayani Data Katrangan 1. Ngoko Lugu Kawontenan boten resmi wonten ing njawi keputren. S “Apa aku mau kami tenggengen? Iya?” DL 82 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah 3. Kekalih paraga raket sami-sami abdi. Ingkang gineman Prabu Kresna kaliyan Dursasana. P “Dursasana, bakal mandi sing dadi ucapmu, Dursasana.” DL 244 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Panambang ngoko -mu. 4. Drajat mitra tutur langkung andhap. Ancasipun kangge mundhut priksa. E “Apa kuwi, Dursasana?” DL 242 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Drajat mitra tutur langkung andhap. 4. Awujud ukara pitakon. Awujud ukara pitakon. A “E, apa iya? Lha apa sebabe kok tansah ora gelem?” DL 92 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Panambang ngoko -e. 4. Kekalih paraga sami-sami abdi. 5. Ancasipun mundhut priksa. Swantenipun inggil. K “He Karna, mantuku bocah bagus, mbok menawa Jagad iki nekseni yenta kowe bocah sing pinter micara, nganti wong wedok mbok apusi ora ngerti lan ora krasa, nyampar kuping lan pundhaking mara tuwa.” DL 198c 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Panambang ngoko -ku. 4. Drajat mitra tutur langkung andhap. 5. Manah panutur saweg duka. Tabel Salajengipun No. Jinis Undha Usuk Prekawis ingkang Ndayani Data Katrangan Awujud pirembagan ingkang sinerat. I “Hwaaa. . Mbarep kakangku, kaya uwis cocok lan jumbuh yen ta jlitheng Kresna kakangku ingkang ngawaki dadi dutaning Pandhawa kang angka 3 .” DL 42 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Panambang ngoko -ku. 4. Unggah ungguh panutur boten sae. Anggenipun micanten andhap asor. N “Setyaki, saiki pun kakang bakal takon marang jeneng sira. ” DL 125 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Kekalih paraga raket. Basanipun minangka basa sastra wayang. G “Sira apa ngerti kuwajibane dadi kusir?” DL 127 1. Sedaya tembungipun ngoko. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Kekalih paraga raket. 2. Antya Basa Kawontenan resmi wonten ing pasewakan. S “Putu Prabu Kresna pun Eyang lilani Putu Prabu Kresna nedya ngrewangi madhangake reruwet iki.” DL 30 1. Tembung ngoko saha tembung kriya krama inggil. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Panambang ngoko -ake. 4. Mitra tutur langkung enem. 5. Kawontenan resmi. Raden Utara kaliyan Raden Werkudara. P “Banjur, sapa Ngger ingkang kepareng anyarirani mangka dutaning Pandhawa, Ngger?” DL 102 1. Tembung ngoko saha tembung kriya krama inggil. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Kawontenan resmi. Ancasipun nyumanggakaken tamu lenggah. E “Banget panarimane pun kaki, Putu, ora liwat ngilangna ewuh lan pakewuh apa dene 1. Tembung ngoko saha tembung kriya krama inggil. 2. Tanpa tembung wancah. 3. Panambang ngoko -e, -mu.