16
4. Materi Pembelajaran Wayang di SD
a Materi wayang
Wayang yang dipelajari pada pembelajaran Bahasa Jawa kelas V Sekolah Dasar yaitu cerita Mahabarata dan Ramayana, adapun sebagian tokoh-tokoh wayang
Mahabarata adalah sebagai berikut.
1. Puntadewa
Puntadewa uga diarani Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, lan Darmaraja. Prabu
Puntadewa iku ratu ing Amarta Ngamarta. Duwe garwa asmane Dewi Drupadi, mbakyune Dewi Wara Srikandhi,
putrane Prabu Drupada saka negara Pancala. Watake Puntadewa sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati.
Sajake urip ora tau ngapusi goroh lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita
Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora
kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. 2.
Bima
Bima utawa Werkudara iku putrane Prabu Pandhu
Dewanata lan Dewi Kunthi sing angka kalih.
Sesebutan liyane yaiku Bratasena, Bimasena,
Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga.
Kasatriyan ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang. Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, lan
Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, peputra Raden
17 Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca; Karo Dewi Urangayu,
peputra Raden Antasena. Bima duwe watak satriyatama luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing
bebener, brantas angkara murka, bekti marang wong tuwa, luwih-luwih dening ibu. Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe
kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. 3.
Arjuna
Raden Arjuna duwe aran liya yaiku Pamadi, Dananjaya, Palaguna, Janhawi, Kuntadi, Wibatsuh,
Indratanaya, Janaka, Kumbangali-ali.
Kasatriyan ing Madukara. Ramane asma Prabu Pandhu Dewanata lan ibune
Dewi Kunthi. Duwe garwa asmane Dewi Wara Srikandi, Dewi
Wara Sembadra, lan Niken Larasati. Watake Arjuna yaiku alus, digdaya sekti madraguna
sakti lan pinter.
4. Sadewa