Nilai Hormat Nilai Patuh

1. Nilai Hormat

Prinsip hormat termasuk kaidah sosial yang berperan dalam interaksi masyarakat Jawa Suseno dalam Endraswara, 2006. Prinsp hormat merupakan kaidah sosial untuk menjaga keselarasan hubungan antar anggota masyarakat. Budi pekerti yang terkait dengan sikap hormat, dilakukan anak kepada orang tuanya baru kepada orang lain di luar keluarga, sehingga aplikasi prinsip hormat akan tercermin pertama kali pada hubungan anak dengan orang tua . Jika anak tidak menghormati orang tua maka anak tersebut akan kuwalat, karena ungkapan wong tuwa ala malati, maksudnya kendati jelek, orang tua itu bertuah Endraswara, 2006.

2. Nilai Patuh

Dalam serat wulangsunu karya Paku Buwono IV terdapat nilai-nilai harapan orang tua kepada anak untuk berbakti dan patuh kepada orang tua sebagai wujud pengabdian dan pembalasan yang baik setelah orang tua berjuang membesarkan anak. a Wulang sunu kang digawé lagu, kang diwiwiti bab tata cara ngabekti, marang wong tuwa, bèn kabèh nggatèkaké, pitutur kang tinulis, sapa kang ora gelem nurut, marang pituduh tinulis, niscaya bakal kesia-sia, niscaya donya akherat bakal oleh cilaka , sawisé mati mlebu neraka. b Yèn mengko awakmu nglakoni pituduh kang ana sajroning serat, mesthi apik tiba mburiné, ngabekti marang ibu bapa, nalika sepisanan dituduhaké lelaku apik lan ala, déning ibu bapa nalika awakmu isih bayi, ibumu luwih lara lan sengsara ngopèni awakmu. c Ora énak mangan lan turu, ibumu ngopèni awakmu senajan mung mangan sega uyah, senajan mung nelesi tenggorokan, mangan klapa uga dilakoni, saben dina adus lan umbah-umbah ning kali kanthi rekasa kanggo ngopèni awakmu , rasakné bab kuwi mau. d Kahanan pait getir ibumu ngopèni awakmu, dèwèké turu mung sambilan senajan kebak banyu uyuh lan tinjamu, dilakoni yèn awakmu buang kotoran ditatur lan dipangku, diresiki déning ibumu didusi saben esuk lan sore nganti resik, yèn awakmu ngelih didulang. e Nalika awakmu umur sangang sasi, wektu iku awakmu bisa mbrangkang, gawéyan ibumu mung njaga senajan mung nganggo kain sambungan, ngopèni awakmu nalika awakmu isih cilik, yèn awakmu kurang mangan digolèkké nganti éntuk, mengko yèn awakmu uwis diwasa ora ana walesan liyané lelaku apik lan ngabekti marang wong tuwamu. f Yèn mengko awakmu aniyaya marang wong tuwamu, diukum déning Gusti Sing Murbèng Dumadi, besuk yèn mati niscaya bakal bareng geni, yèn wong seneng duraka, siksané abot banget, mulané aku pesen aja wani karo ibu bapa anakku, lakoni perintah kaloroné. g Anané awakmu mengko, yèn dididik ibu bapa wicaramu asring nglawan nyahut nuli mléngos, cegaha iku anakku,ora apik tembé mburiné, donya akherat bakal sia-sia, besuk yèn mati dimusuhi Pangèran, disiksa déning Malaikat. h Kamangka bocah enom sing apik, pendapaté ora pati dididik ibu bapaké, lungguh sila ing ngarepé, wong tuwané kayadéné Pangèran, lunga lan mulih sujud, iku budi kang luhur sarta ngabekti marang Gusti Pangèran kang Maha Urip, yaiku kang nyiptakaké mati lan urip sarta kang mènèhi sandang lan pangan. i Kang wis kaprah tumrap bocah enom, solah tingkah malang mégung manjaaké awak, solah tingkah sing kliwatan lungguh sakepénaké lan ora ngerti kasopanan, alaku congkak, seneng mamèraké awaké, kelakuané ora duwé arah, yèn awaké kesénggol njingkat lan pijer agawé onar marang wong akèh. j Éling-éling aja ana sing anglakoni, kabèh lalaku sing salah, tingkahé mesthi bakal konangan, dhèwèké bakal kesuluh lan ora kuwat nandang, kaya-kaya kabèh wong mung mèsem, mulané kuwi anakku, élinga aja ana sing nglakoni salah bèn uripmu ora ngalami kasusahan. k Ana manèh pituturku anakku, yèn awakmu nduwé karep aja nganti ngabotaké awak, , jaganen awakmu, yèn drajatmu cilik, aja ngrasa pesimis, yèn awakmu dadi wong luhur, jejegna pikirmu, sabar kanthi kaalusan, budi, yakuwi laku kang utama. l Mula saka kuwi kaum muda saiki sing sabar, wewanuhan karo wong tuwa, gatèkaké pituturé sing apik, saka lair tekan bathin, lair kanthi tatakrama, batiné kanthi ngabekti marang wong tuwa, yakuwi pituturku kanggo kabèh anak putu cicitku, bèn uripmu ora ngalami kasusahan.

3. Nilai Rukun