Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis V

tegesipun tembung panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Cara anggenipun ngrembag asiling panaliten inggih menika ingkang kapisan panaliti ngandharaken babagan wujudipun tembung panguwuh ingkang dipunlajengaken ngrembag jinisipun tembung panguwuh saha tegesipun tembung panguwuh. Babagan menika amargi wujud, jinis, saha tegesing tembung panguwuh boten saged dipunpilah-pilah amargi wonten gayutipun. Menawi dipuntingali saking wujudipun tembung panguwuh, asiling panaliten menika nedahaken bilih wujudipun tembung panguwuh ingkang wonten salebetipun Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh wonten kalih, inggih menika tembung panguwuh primer saha tembung panguwuh sekunder. Salajengipun, pirembagan babagan wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh badhe kaandharaken wonten ngandhap menika.

1. Tembung Panguwuh Primer

Tembung panguwuh primer inggih menika tembung panguwuh kanthi wujud ingkang prasaja saha dumados saking setunggal wanda silabe. Wujud menika limrahipun kanthi pola fonotaktis ingkang prasaja ugi. Wujud tembung panguwuh primer salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh wonten panaliten menika ingkang kapanggihaken kanthi pola fonotaktis: V, VK, KV, KVV, KVK, KK, KKV, KKVK, saha KKK. Pirembagan babagan tembung panguwuh primer kadosta andharan wonten ngandhap menika.

a. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis V

Saking asiling panaliten menika, data ingkang awujud tembung panguwuh primer kanthi pola fonotaktis V menawi dipuntingali saking jinisipun wonten kalih jinis, inggih menika jinis pasarujukan saha jinis bingung. Salajengipun menawi dipuntingali saking tegesipun tembung panguwuh ingkang adhedhasar konteks tuturan- ipun wonten kalih teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos sarujuk saha nedahaken raos bingung. Andharan tembung panguwuh primer pola fonotaktis V kadosta wonten ngandhap menika. a Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis V kanthi Jinis Pasarujukan Tembung panguwuh primer pola fonotaktis V jinis pasarujukan saking asiling panaliten menika wonten setunggal teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos sarujuk. Tembung panguwuh primer pola fonotaktis V kanthi jinis pasarujukan ingkang ngewrat teges sarujuk kaandharaken wonten ngandhap menika. Konteks : Dinten Setu dalu Tomi dolan dhateng griyanipun Santi badhe ngajak Santi dolan. Sakderengipun dolan, Tomi nyuwun idin dhateng Bapak saha Ibunipun Santi. Ibunipun Santi paring idin dhateng Tomi. Tomi : “Bu, Pak, kula badhe ngajak Santi medal.” Ibunipun Santi : “O, inggih. Nanging aja bengi-bengi yo, Mas” ACBSJKMLSAData 58 Saking data no. 58 menika ngewrat tembung panguwuh. Tembung o salebeting wicantenan wonten ing data no. 58 kalebet tembung panguwuh amargi tembung o kasebat dipunginakaken dening Ibunipun Santi kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken. Babagan menika jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Hadiwidjana 1967: 31, Mulyana 2011: 77, saha Wedhawati 2006: 417 bilih tembung ingkang kaginakaken kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken pamicara dipunwastani tembung panguwuh. Tembung panguwuh o wonten wicantenan data no. 58 kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung o ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis V. Tembung panguwuh o manut tata panyeratanipun, sesampunipun tembung o wonten tandha koma minangka pamisah antawisipun tembung panguwuh kaliyan ukara. Babagan menika gayut kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Wedhawati 2006: 417 babagan tata panyerataning tembung panguwuh bilih tembung panguwuh ingkang dipunserat minangka bagian saking satunggaling ukara dipunsukani tandha koma ,. Tandha menika ginanipun supados antawisipun tembung panguwuh kaliyan ukara saged pisah. Tembung panguwuh o menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis pasarujukan. Jinis tembung panguwuh pasarujukan katingal saking titikan tembung o ingkang gayut kaliyan tuturan “Bu, Pak kula badhe ngajak Santi medal”. Tembung panguwuh o kanthi jinis pasarujukan ingkang nengenaken tembung inggih mujudaken perangan saking wangsulan “O, inggih ” minangka wangsulan saking pitakenan “Bu, Pak kula badhe ngajak Santi medal”. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh o data no. 58 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh o menika gadhah teges nedahaken raos sarujuk. Tembung menika ngewrat teges sarujuk amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken wangsulan bilih Ibunipun Santi nyarujuki Tomi ingkang badhe ngajak Santi dolan. Wonten ngandhap menika badhe dipunandharaken tembung panguwuh primer pola fonotaktis V kanthi jinis sanes, inggih menika tembung panguwuh primer pola fonotaktis V kanthi jinis bingung. b Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis V kanthi Jinis Bingung Tembung panguwuh primer pola fonotaktis V jinis bingung saking asiling panaliten menika wonten setunggal teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos bingung. Tembung panguwuh primer pola fonotaktis V kanthi jinis bingung ingkang ngewrat teges bingung kaandharaken wonten ngandhap menika. Konteks : Sesampunipun sesambetanipun paraga utama tunggal kaliyan Dika pedhot, paraga utama tunggal caket kaliyan Tommy. Paraga utama tunggal kepanggih kaliyan Tommy wonten ing ruang BK sekolahanipun sesampunipun piyambakipun pentas wonten adicara Carolusan. Tommy bingung anggenipun sanjang dhateng paraga utama tunggal bilih piyambakipun tresna dhateng paraga utama tunggal. Tommy : “Ta, anu.” Paraga utama tunggal : “Ngapa, ta. Cepet arep ngomong apa.” Tommy : “Ta, Eee....” ACBSJKMTEData 57 Saking data no. 57 menika ngewrat tembung panguwuh. Tembung e salebeting wicantenan wonten ing data no. 57 kalebet tembung panguwuh amargi tembung e kasebat dipunginakaken dening Tommy kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken. Babagan menika jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Hadiwidjana 1967: 31, Mulyana 2011: 77, saha Wedhawati 2006: 417 bilih tembung ingkang kaginakaken kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken pamicara dipunwastani tembung panguwuh. Tembung panguwuh e wonten wicantenan data no. 57 kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung e ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis V. Tembung panguwuh e menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis bingung. Jinisipun tembung panguwuh bingung katingal saking titikan tembung e ingkang gayut kaliyan tuturan “Ngapa, ta. Cepet arep ngomong apa ”. Lajeng tuturan “Ngapa, ta. Cepet arep ngomong apa” minangka wangsulan saking tuturan “Ta, anu”. Tembung panguwuh e kanthi jinis bingung menika mujudaken perangan saking wangsulan “Ta, Eee...” minangka wangsulan saking tuturan “Ngapa, ta. Cepet arep ngomong apa”. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh e data no. 57 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh e menika gadhah teges nedahaken raos bingung. Tembung menika ngewrat teges bingung amargi saking konteks tuturan-ipun tembung e menika mujudaken wangsulan bilih Tommy bingung anggenipun ngandharaken raos katresnan dhateng paraga utama tunggal.

b. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis VK