Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KK

Tembung panguwuh wah menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis kagum utawi puwas. Jinis tembung panguwuh kagum utawi puwas katingal saking titikan tembung wah ingkang gayut kaliyan kawontenan paraga utama tunggal mlebet montor mabur. Tembung panguwuh wah kanthi jinis kagum utawi puwas tuturan “Wah, jebul montor mabur kuwi gedhe banget, ya” minangka respon saking kawontenan paraga utama tunggal mlebet montor mabur. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh wah data no. 16 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh wah menika gadhah teges nedahaken raos kagum. Tembung menika ngewrat teges kagum amargi saking konteks tuturan -ipun tembung menika mujudaken respon bilih paraga utama tunggal rumaos kagum bilih montor mabur menika ageng nalika piyambakipun mlebet montor mabur.

f. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KK

Saking asiling panaliten menika, data ingkang awujud tembung panguwuh primer kanthi pola fonotaktis KK menawi dipuntingali saking jinisipun namung wonten setunggal jinis, inggih menika jinis bingung. Salajengipun menawi dipuntingali saking tegesipun tembung panguwuh ingkang adhedhasar konteks tuturan- ipun namung wonten setunggal teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos bingung. Andharan tembung panguwuh primer pola fonotaktis KK jinis bingung ingkang tegesipun bingung kadosta wonten ngandhap menika. Konteks : Bagus matur dhateng Ibu saha mbakyunipun bilih arta sadeyan roti sampun telas. Ibu saha mbakyunipun kaget mangertos bilih artanipun telas. Bagus rumaos bingung saha kanthi mikir ngandharaken bilh artanipun telas amargi dipunginakaken kangge bayar Mas Hari anggenipun nyambet damel wonten mriki. Ibu saha Suci : “Entek?” Bagus : “Nggg, kenging niki, Bu. Bab arta menika, sakleresipun wonten sesambetanipun kaliyan Mas Hari. Sedaya duit dodolan roti kangge mbayar Mas Hari nyambut damel nang ngriki.” ACBSJKMPMData 106 Saking data no. 106 menika ngewrat tembung panguwuh. Tembung ng salebeting wicantenan wonten ing data no. 106 kalebet tembung panguwuh amargi tembung ng kasebat dipunginakaken dening Bagus kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken. Babagan menika jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Hadiwidjana 1967: 31, Mulyana 2011: 77, saha Wedhawati 2006: 417 bilih tembung ingkang kaginakaken kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken pamicara dipunwastani tembung panguwuh. Tembung panguwuh ng wonten wicantenan data no. 106 kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung ng ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KK. Tembung panguwuh ng manut tata panyeratanipun, sesampunipun tembung ng wonten tandha koma minangka pamisah antawisipun tembung panguwuh kaliyan ukara. Babagan menika gayut kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Wedhawati 2006: 417 babagan tata panyerataning tembung panguwuh bilih tembung panguwuh ingkang dipunserat minangka bagian saking satunggaling ukara dipunsukani tandha koma ,. Tandha menika ginanipun supados antawisipun tembung panguwuh kaliyan ukara saged pisah. Tembung panguwuh ng menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis bingung. Jinisipun tembung panguwuh bingung katingal saking titikan tembung ng ingkang gayut kaliyan tuturan “Entek?”. Tembung panguwuh ng kanthi jinis bingung menika mujudaken perangan saking wangsulan “Nggg, kenging niki, Bu. Bab arta menika, sakleresipun wonten...........“ minangka wangsulan saking tuturan “Entek?”. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh ng data no. 106 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh ng menika gadhah teges nedahaken raos bingung. Tembung menika ngewrat teges bingung amargi saking konteks tuturan- ipun tembung menika mujudaken wangsulan bilih Bagus rumaos bingung anggenipun mangsuli pitakenanipun Ibunipun saha Mbak Suci ingkang nyuwun pirsa babagan arta sadeyan roti kacang, kamangka artanipun boten wonten. Bagus bingung kados pundi anggenipun matur bilih artanipun boten wonten amargi roti kacang ingkang dipunbekta wonten sekolah dipunparingaken ayu saha kanca- kancanipun kanthi gratis.

g. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KKV