ngrembag babagan ngelmu basa morfologi ingkang mliginipun babagan wujud saha teges tembung panguwuh. Bedanipun panaliten dening Mei Hardiah kaliyan
panaliten panaliti inggih menika panalitenipun Mei Hardiah ngrembag babagan tembung panguwuh basa Indonesia wonten ing wicantenan kasunyatan wondene
panaliten panaliti ngrembag tembung panguwuh basa Jawi wonten salebeting karya sastra inggih menika antologi cerkak kanthi irah-irahan Antologi Cerkak
Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Adhedhasar saking panaliten ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika
sampun dipunandharakaken beda saha saminipun. Pramila kabuktekaken menawi panaliten babagan tembung panguwuh wonten salebeting antologi cerkak kanthi
irah-irahan Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh dereng nate dipunrembag panaliti sanes. Panaliten menika saged dipundadosaken
gambaran kangge panaliten salajengupun, mliginipun babagan tembung.
F. Nalaring Pikir
Morfologi inggih menika satunggaling ngelmu linguistik ingkang ngrembag
babagan wujuding tembung, pangrakiting tembung saha ewah-ewahanipun tembung. Saking andharan babagan jinisipun tembung miturut pamanggihipun
para ahli, jinising tembung basa Jawi dipunperang dados sedasa, inggih menika: a tembung aran utawi kata benda nomina, b tembung kriya utawi kata kerja
verba, c tembung sifat utawi kata sifat adjektiva, d tembung katrangan
utawi kata keterangan adverbia, e tembung sesulih utawi kata ganti pronomina
, f tembung wilangan utawi kata bilangan numeralia, g tembung
panggandheng utawi kata sambung konjungsi, h tembung ancer-ancer utawi kata depan preposisi
, i tembung panyilah utawi kata sandang artikula, saha j tembung panguwuh utawi kata seru interjeksi. Saking sedasa jinising
tembung kalawau, ingkang gayut kaliyan perkawis ingkang dipunrembag wonten panaliten inggih menika tembung panguwuh.
Tembung panguwuh inggih menika tembung ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken raosing manahipun panutur. Tembung panguwuh
dipunbedakaken miturut wujud, jinis, saha tegesipun. Miturut wujudipun, tembung panguwuh kaperang dados tembung panguwuh primer saha sekunder.
Miturut jinisipun, tembung panguwuh dipunperang dados kalih welas, inggih menika a tembung panguwuh seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan, b
tembung panguwuh kuciwa utawi keduwung, c tembung panguwuh kaget, d tembung panguwuh jijik, e tembung panguwuh lega utawi sukur, f tembung
panguwuh kagum utawi puwas, g tembung panguwuh sakit, h tembung panguwuh sedhih, i tembung panguwuh gegayuhan, j tembung panguwuh
gumun, k tembung panguwuh ngajak, saha l tembung panguwuh nesu utawi makian.
Tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting wicantenan kaperang dados kalih dasa jinis, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos: gumun,
boten sarujuk, sarujuk, nesu, ajrih, ngece, kagum, sakit, bingah, kaget, panyuwunan kawigatosan, rangu-rangu, enget ngenget malih dhateng
satunggaling babagan, sedhih, remen amargi tiyang sanes nandang susah, boten tahan, sayang menyayangkan, menging, saha kasihan.
Tembung panguwuh saged kapanggihaken wonten salebeting wicantenan lisan saha seratan. Tembung panguwuh ingkang wonten salebeting wicantenan
seratan saged dipunpanggihaken wonten karya sastra cerkak kadosta ingkang wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh.
Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh minangka asiling
kempalan 20 cerkak ingkang dipunripta dening para siswa SMA sadrajat sakukuban kutha Yogyakarta ingkang dados peserta wonten Bengkel Sastra Jawa
2007. Bengkel Sastra Jawa 2007 ingkang dipunadani dening Balai Bahasa Yogyakarta dados satunggaling upaya anggenipun nyengkuyung sastra Jawi
kanthi nggegulang siswa SMA sadrajat supados wasis ngripta cerkak. Tembung panguwuh ingkang wonten ing cerkak awujud tembung
panguwuh ingkang wonten salebeting wicantenan antawisipun paraga setunggal kaliyan paraga sanesipun kanthi konteks tuturan tartamtu. Wonten salebeting
wicantenan, satunggal wujud tembung panguwuh gadhah teges ingkang beda gumantung kaliyan konteks tuturanipun. Pramila kangge mangertosi teges
tembung panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh
dipuntingali konteks tuturan-ipun.
62
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Wonten panaliten menika, panaliti ngginakaken metode panaliten deskriptif. Metode deskriptif menika dipuntindakaken adhedhasar kasunyatan utawi
fenomena empiris ingkang wonten ing panutur-panuturipun satemah data ingkang dipunasilaken utawi dipunserat awujud basa kados paparan sawontenipun
Sudaryanto, 1986: 62. Jinising metode deskriptif menika ngasilaken data-data kanthi deskriptif arupi data ingkang nyata, ingkang dipunserat kanthi
ngandharaken tembung panguwuh. Metode deskriptif menika dipunginakaken kangge ngandharaken wujudipun, jinisipun, saha tegesipun tembung panguwuh
ingkang wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh.