Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KKK

saking wangsulan “Lhoh... kok bisa? Kan wis tak kandhani, ...........” minangka wangsulan saking tuturan “ Pak komputere rusak malih. ........”. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh lhoh data no. 72 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh lhoh menika gadhah teges nedahaken raos kaget. Tembung menika ngewrat teges kaget amargi saking konteks tuturan- ipun tembung menika mujudaken wangsulan bilih Bapakipun Vita kaget midhanget bilih komputer-ipun risak malih amargi Vita kesupen boten mateni adaptor -ipun.

i. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KKK

Saking asiling panaliten menika, data ingkang awujud tembung panguwuh primer kanthi pola fonotaktis KKK menawi dipuntingali saking jinisipun namung wonten setunggal jinis, inggih menika jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan. Salajengipun menawi dipuntingali saking tegesipun tembung panguwuh ingkang adhedhasar konteks tuturan-ipun ugi namung wonten setunggal teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos panyuwunan kawigatosan. Andharan tembung panguwuh primer pola fonotaktis KKK kanthi jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan ingkang ngewrat teges panyuwunan kawigatosan kadosta wonten ngandhap menika. Konteks : Nalika ujian akhir sekolah pelajaran Matematika, Bowo ngundang Dina kangge nyuwun contekan wangsulanipun Dina. Bowo : “Heh, sst, Dina Sst, mrene, Din” ACBSJKMDDData 111 Saking data no. 111 menika ngewrat tembung panguwuh. Tembung sst salebeting wicantenan wonten ing data no. 111 kalebet tembung panguwuh amargi tembung sst kasebat dipunginakaken dening Bowo kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken. Babagan menika jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Hadiwidjana 1967: 31, Mulyana 2011: 77, saha Wedhawati 2006: 417 bilih tembung ingkang kaginakaken kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken pamicara dipunwastani tembung panguwuh. Tembung panguwuh sst wonten wicantenan data no. 111 kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung sst ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KKK. Tembung panguwuh sst manut tata panyeratanipun, sesampunipun tembung sst wonten tandha koma minangka pamisah antawisipun tembung panguwuh kaliyan ukara. Babagan menika gayut kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Wedhawati 2006: 417 babagan tata panyerataning tembung panguwuh bilih tembung panguwuh ingkang dipunserat minangka bagian saking satunggaling ukara dipunsukani tandha koma ,. Tandha menika ginanipun supados antawisipun tembung panguwuh kaliyan ukara saged pisah. Tembung panguwuh sst menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan. Jinis tembung panguwuh seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan katingal saking titikan tembung sst ingkang gayut kaliyan kawontenan Bowo ngundang Dina. Tembung panguwuh sst kanthi jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan ingkang nengenaken tembung heh mujudaken perangan saking tuturan “Heh, sst, Dina Sst, mrene, Din” minangka respon saking kawontenan Bowo ngundang Dina. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh sst data no. 111 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh sst menika gadhah teges nedahaken raos panyuwunan kawigatosan. Tembung menika ngewrat teges panyuwunan kawigatosan amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken tuturan bilih kanthi nyuwun kawigatosanipun Dina, Bowo ngundang Dina supados Dina noleh dhateng piyambakipun lajeng piyambakipun saged nyonto garapan ujian Matematikanipun Dina.

2. Tembung Panguwuh Sekunder