Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

Jinisipun tembung panguwuh dipuntetepaken kanthi dipunjumbuhaken kaliyan teori babagan jinisipun tembung panguwuh ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten. Menawi wujudipun tembung panguwuh saha jinisipun tembung panguwuh sampun dipuntetepaken, lajeng panaliti netepaken tegesipun tembung panguwuh. Tegesipun tembung panguwuh dipuntetepaken kanthi ningali konteks tuturan-ipun. Saklajengipun ingkang dipuntindakaken inggih menika nyukani tandha ing tembung panguwuh ingkang sampun kapanggihaken wonten ing antologi cerkak menika. Sesampunipun teknik maos katindakaken, saklajengipun inggih menika teknik nyathet. Wonten ing teknik nyathet, data ingkang sampun dipunsukani tandha lajeng dipunserat dening panaliti wonten ing kertu data kanthi jangkep saha trep kaliyan data ingkang dipunbetahaken wonten panaliten, inggih menika babagan wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh. Satemah, cara menika saged damel langkung gampiling klasifikasi saha analisis data.

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten inggih menika piranti ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken data wonten ing panaliten. Pirantining panaliten ingkang pokok inggih menika panaliti piyambak human instrument, tegesipun wonten ing panaliten menika panaliti ingkang manggihaken data kanthi maos Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh minangka sumber data, saklajengipun panaliti manggihaken saha ngempalaken data kanthi nyukani tandha wonten ing tembung minangka data ingkang kalebet tembung panguwuh. Data kanthi wujud tembung ingkang sampun dipunsukani tandha menika lajeng dipuntemtokaken miturut wujud tembung panguwuh saha jinisipun tembung panguwuh ingkang dipunjumbuhaken kanthi kriteria-kriteria ing teori magepokan kaliyan wujudipun tembung panguwuh. Panaliti lajeng nemtokaken tegesipun tembung panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh kanthi ningali konteks tuturan-ipun. Pungkasanipun, panaliti nganalisis data ingkang sampun kapanggihaken saha dipunpantha-pantha miturut wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh kanthi jumbuhaken kaliyan teori ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika saha konteks tuturan-ipun. Asiling panaliten lajeng kaandharaken kanthi deksriptif. Pirantos pambiyantu ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih menika kertu data saha tabel analisis data. Kertu data dipunginakaken kangge nyerat sedaya data minangka wangsulaning prekawis ingkang dipunpadosi, inggih menika ngengingi wujudipun tembung panguwuh, jinisipun tembung panguwuh, saha tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Kertu data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika awujud tabel. Tabel gadhah fungsi kangge nggampilaken anggenipun ngecek saha ngempalaken data. Wujud kertu data ingkang dipunginakaken panaliti wonten ing panaliten kadosta ingkang wonten ngandhap menika. Tabel 1: Wujud Kertu Data No. Data : 136 Sumber Data : Kp103ACBSJKM Konteks Tuturan : Wonten ing parkiran sesampunipun Pak Rohmat nyantelaken Tas saha buntelan kresek wonten motor, dumadakan Pak Ruslan nabok pengkeranipun Pak Rohmat. Tuturan : “We...” Wujudipun TP : Primer, minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KV. Jinisipun TP : Kaget, We... ~ Pak Rohmat dipuntabok pangkeranipun dening Pak Ruslan. Tegesipun TP : Nedahaken raos kaget amargi dipuntabok pangkeranipun dening Pak Ruslan. Katrangan: TP : Tembung Panguwuh Kp : Korupsi ACBSJKM : Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa Kidung Megatruh: 2007

E. Caranipun Nganalisis Data