Jinising Panaliten Data lan Sumber Data Caranipun Ngempalaken Data

62

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Wonten panaliten menika, panaliti ngginakaken metode panaliten deskriptif. Metode deskriptif menika dipuntindakaken adhedhasar kasunyatan utawi fenomena empiris ingkang wonten ing panutur-panuturipun satemah data ingkang dipunasilaken utawi dipunserat awujud basa kados paparan sawontenipun Sudaryanto, 1986: 62. Jinising metode deskriptif menika ngasilaken data-data kanthi deskriptif arupi data ingkang nyata, ingkang dipunserat kanthi ngandharaken tembung panguwuh. Metode deskriptif menika dipunginakaken kangge ngandharaken wujudipun, jinisipun, saha tegesipun tembung panguwuh ingkang wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh.

B. Data lan Sumber Data

Data ingkang dipunkaji wonten panaliten kanthi irah-irahan Tembung Panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh menika awujud tembung panguwuh. Tembung panguwuh minangka data wonten ing panaliten menika dipuntaliti kanthi analisis babagan wujudipun, jinisipun, saha tegesipun tembung panguwuh. Sumbering data panaliten menika saking Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ngemot 20 irah-irahan cerkak kanthi tema ingkang maneka warni amargi antawisipun tema satunggal cariyos kaliyan tema cariyos sanesipun menika beda. Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh menika kacithak dening Departemen Pendidikan Nasional Pusat Balai Bahasa Yogyakarta rikala taun 2007. Antologi cerkak kesebut dipundadosaken sumbering data wonten panaliten menika amargi ngewrat wicantenan ingkang ngginakaken tembung panguwuh. Adhedhasar saking kawontenan menika, pramila Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh dipunginakaken minangka sumbering data.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Anggenipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika, panaliti ngginakaken kalih werni teknik, inggih menika teknik maos saha teknik nyathet. Teknik maos dipuntindakaken kanthi cara maos Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh kanthi tliti saha permati. Anggenipun maos boten namung sapisan, ananging dipunambali ngantos pikantuk data ingkang leres, inggih menika data ingkang ngewrat tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Sesampunipun panaliti manggihaken data ingkang awujud tembung panguwuh, lajeng data menika dipuntetepaken miturut wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh. Anggenipun netepaken wujudipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh wonten ing panaliten menika panaliti gayutaken kaliyan teori babagan wujudipun tembung panguwuh ingkang kaginakeken minangka pathokan wonten panaliten menika. Jinisipun tembung panguwuh dipuntetepaken kanthi dipunjumbuhaken kaliyan teori babagan jinisipun tembung panguwuh ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten. Menawi wujudipun tembung panguwuh saha jinisipun tembung panguwuh sampun dipuntetepaken, lajeng panaliti netepaken tegesipun tembung panguwuh. Tegesipun tembung panguwuh dipuntetepaken kanthi ningali konteks tuturan-ipun. Saklajengipun ingkang dipuntindakaken inggih menika nyukani tandha ing tembung panguwuh ingkang sampun kapanggihaken wonten ing antologi cerkak menika. Sesampunipun teknik maos katindakaken, saklajengipun inggih menika teknik nyathet. Wonten ing teknik nyathet, data ingkang sampun dipunsukani tandha lajeng dipunserat dening panaliti wonten ing kertu data kanthi jangkep saha trep kaliyan data ingkang dipunbetahaken wonten panaliten, inggih menika babagan wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh. Satemah, cara menika saged damel langkung gampiling klasifikasi saha analisis data.

D. Pirantining Panaliten